Wisconsin

From Wikipedia, the free encyclopedia

Wisconsin
Remove ads

Wisconsin (Ngenani wuni iki Pronunciation  IPA: /wɪsˈkɒnsɨn/) utawa IPA: /wɪˈskɒnsɨn/) (Prancis: Ouisconsin) iku praja Amérika Sarékat sing dunungé cedhak punjer bawana Amérika Lor. Kutha krajan Wisconsin yaiku Madison, lan kutha sing gedhé dhéwé ing Wisconsin yaiku kutha Milwaukee, Wisconsin.

Sunyata Rikat
Remove ads

Sajarah

Artikel utama: Sajarah Wisconsin
Thumb
Lukisan Jean Nicolet 1634 Panemon Wisconsin

Jeneng

Jeneng Wisconsin asalé manawa saka tembung kuna Ojibwe, Miskwasiniing, sing tegesé "Papan watu abang," sing dicakaké marang Kali Wisconsin, lan kacathet minangka Ouisconsin déning Chippewa. Éjaan tembung mau direvisi dadi wangun sing saiki ing taun 1845 déning parlemèn Wisconsin, lan saiki katulis kaya mangkono ing basa Prancis lan basa liyané.

Tapel wates

Wisconsin, wewatesan karo praja Iowa, Minnesota, Michigan lan Illinois, uga karo tlaga Michigan lan Superior.

Ékonomi

Ékonomi Wisconsin asalé gumantung marang farming (mligi peternakan), tambang, lan kayu. Ing abad kaping-20, turisme dadi wigati, lan akèh sing ndunungi sing asalé tetanèn dadi nyambutgawé ing panggonan liya (kutha-kutha). Indhustrialisasi gedhèn-gedhènan kadadéan ing pungkasan abad kaping-19 lan Milwaukee dadi punjer mligi. Ing dasawarsa pungkaan iki, sèktor indhustri jasa, mligi usada lan pendhidhikan, dadi dominan.

Remove ads

Géografi

Thumb
Tandha sugeng rawuh ing Wisconsin

Praja Wisconsin wewatesan karo Kali Montreal; Tlaga Superior lan Michigan ing sisih lor; karo Tlaga Michigan ing sisih wétan; karo Illinois ing sisih kidul; lan karo Iowa lan Minnesota ing sisih kulon.

Iklim

Katerangan liyané Kutha, Jan ...
Remove ads

Dhémografi

Thumb
Peta kapadhetan sing ndunungi Wisconsin

Miturut Biro Sènsus AS taun 2000, Wisconsin sing ndunungi 5,363,675 jiwa. 6.4% saka populasi Wisconsin dilapuraké umur sangisoré 5 taun, 25.5% sangisoré umur 18, lan 13.1% umur 65 utawa luwih tuwa. Wanita cacahé ana kira-kira 50.6% populasi.

Kuth ing Wisconsin kanthi populasi 50,000 jiwa utawa luwih (2005) yaiku:

  • Milwaukee, populasi 602,782, kutha palig gedhé
  • Madison, populasi 221,551, kutha krajan praja
  • Green Bay, populasi 101,203
  • Kenosha, populasi 95,240, péranganing Chicago metropolitan statistical area
  • Racine, populasi 85,855, péranganing Milwaukee metropolitan area
  • Appleton, populasi 70,217
  • Waukesha, populasi 67,658 péranganing Milwaukee metropolitan area
  • Oshkosh, populasi 63,485
  • Eau Claire, populasi 62,570
  • Janesville, populasi 61,962
  • West Allis, populasi 58,798, péranganing Milwaukee metropolitan area
  • Sheboygan, populasi 51,017
  • La Crosse, populasi 50,280

Cathetan

Bibliografi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads