senyawa kimiya From Wikipedia, the free encyclopedia
Asam klorogenat ya iku senyawa golongan fenilpropanoid kang sumebar amba ing pirang-pirang péranganing akehing tuwuhan lan lumrahé ana ing cacak kang gampang dilacak.[1] Ing wiji kopi, konsèntrasi asem klorogenat dhuwur banget, lan kandhutan asem klorogenat kang gampang larut ing kopi garing bisa ngancik 12 persèn dhedhasar bobot.[1] Asam klorogenat ora patiya ngracuni manungsa. Asam iki kadhapur kanthi cacah kang relatif akèh ing kenthang.[1] Oksidasi saka asem klorogenat kang dieloni déning polimerisasi (gabungan saka monomer-monomer) nyebabkake pambentuke quinon kang nyebabake warna coklat ing umbi kang lagi kapotong.[1] Reaksi iki tergantung karo enzim polifenol oksidase lan kofaktor tembaga lan O2 sebagai donor elektron.[1]
Asam klorogenat | |
---|---|
(1S,3R,4R,5R)-3-{[(2Z)-3-(3,4-dihydroxyphenyl)prop-2-enoyl]oxy}-1,4,5-trihydroxycyclohexanecarboxylic acid | |
Jeneng liya 3-(3,4-Dihydroxycinnamoyl)quinate 3-(3,4-Dihydroxycinnamoyl)quinic acid 3-Caffeoylquinate 3-Caffeoylquinic acid 3-O-Caffeoylquinic acid Chlorogenate Chlorogenic acid Heriguard Hlorogenate Hlorogenic acid 3-trans-Caffeoylquinic acid | |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [327-97-9] |
Nomer RTECS | GU8480000 |
SMILES | O[C@@H]2[C@H](O)C[C@] (O)(C[C@H]2OC(=O)\C=C/ c1ccc(O)c(O)c1)C(O)=O |
Sifat | |
Rumus molekul | C16H18O9 |
Massa molar | 354.31 g/mol |
Densitas | 1.28 g/cm3 |
Titik leleh |
207 - 209 °C |
Bahaya | |
MSDS | External MSDS |
NFPA 704 | |
Frasa-R | - |
Frasa-S | Cithakan:S24, Cithakan:S25, Cithakan:S28, Cithakan:S37, S45 |
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
Biosintesis utawa pambentukan saka senyawa flavonoid, stilben, hidroksisinamat (turunan asem sinamat kang ngandut gugus hidroksil utawa -OH kaya asem kafeat, asem ferulat, lan asem p-kumarat) lan asem fenol nglibatake jaringan kompleks saka lintasan asem sikimat, fenilpropanoid, lan flavonoid.[2] Reaksi wigati ing pambentukan asem sinamat lan pirang-pirang turunane ya iku pangowahing fenilalanin dadi asem sinamat lumantar prosès deaminasi utawa uculing amonia saka fenilalanin kanggo mbentuk asem sinamat.[1] Reaksi ini dikaalisis olèh enzim fenilalanin amonia liase. Iki asem sinamat diowahi dadi p-kumarat kanthi panambahan siji atom oksigèn saka O2 lan atom H saka NADPH langsung ing posisi para saka asem sinamat (posisi atom karbon kaping papat diitung saka gugus asem sinamat ing cincin benzena).[1] Panambahan manèh gugus hidroksil (OH) liyané ing sisihe gugus OH saka asama p-kumarat kanthi reaksi kang padha ngasilaké asem kafeat.[1] Panambahan gugus metil (-CH3) saka S-adenosil metionin (SAM) e gugus OH saka asem kafeat ngasilaké asem ferulat.[1] Asam kafeat mbentuk ester kanthi gugus alkohol ing asem liyané kang kadhapur ing lintasan asem sikimat, ya iku asem quinat, lan ngasilaké asem klorogenat.[1]
Gambar-gambar senyawa asem sinamat lan turunane
Quinon kang kadhapur amarga asem klorogenat duwé aktivitas fungistatis (ngganggu nanging ora matèni fungi) kang kuwat mula mbantu daya tahan tuwuhan marang lelara kang disebabake déning fungi.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.