From Wikipedia, the free encyclopedia
Husain bin ‘Alī bin Abī Thālib (Basa Arab: حسين بن علي بن أﺑﻲ طالب) (3 Sya‘bān 4 H-10 Muharram 61 H; 8 Januari 626-10 Oktober 680 AD) yaiku putuné Muhammad kang minangka putra saka Fatimah az-Zahra lan Ali bin Abi Thalib. Husain minangka Imam kaping telu saka akèeh-akèhé sekte Singah, lan Imam kapindho tumrap liyané. Dhèwèké diurmati déning Sunni amarga dhèwèké minangka Ahlul Bait. Dhèwèkè uga diurmati banget déning kaum Sufi amarga kaanggep dadi Waliy Mursyid kang kapindho sawisé bapaké mligi tumrap tarékat Qadiriyyah ing sakabehing dunya lan tarékat Alawiyyah ing Hadramaut.
Bagéan saka artikel ngenani
| |
|
Husain kalairaké telung taun sawisé Ijrah (626 M), putrané Ali, lan Fatimah, putra putri Muhammad.
Abdul-Muththalib (lair 497) | Fatimah | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Aminah | Abdullah (lair 545) | Abu Thalib | Fatimah | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
MUHAMMAD saw (lair 570) | Khadijah | Ali (lair 599) | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Fatimah | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Hasan (lair 625) | Husain (lair 626) | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Husain duwé garwa telu:
Al-Husain duwé putra kakung cacah papat lan putra putri cacahé telu:
Tanggal 10 Muharram 61 H utawa tanggal 10 Oktober 680 minangka dina pertempuran Karbala kang kadadéan ana Karbala, saiki Iraq. Pertempuran iki kadadéan antarané wadyabala Bani Hasyim kang dipanggedhèni déning Husain bin Ali kang anggotane sakiwa-tengené 70-an wong nglawan wadyabala Bani Umayyah kang dipanggedhèni déning Ibnu Ziyad, ing ngatasé préntah Yazid bin Muawiyah, khalifah Umayyah nalika iku.
Nalika iku, meh kabèh wadyabala Husain bin Ali, kalebu Husain dhèwèké syahid kepatèn, kajaba pihak wadon, sarta anak Husain kang lara yaiku Ali bin Husain. Banjur déning Ibnu Ziyad, wadyabala mau kagawa ngadhep Khalifah ing Damaskus, lan candhaké kang slamet dibalèkaké ana Madinah.
Saliyané dadi Imam kaping 3 saka 12 Imam tumrap Madahab Dua Belas Imam, al-Husain uga dadi Wali Mursyid kaping 2 tumrap kaum Sufi mligi tarekat Qadiriyyah. Syekh Abdul Qadir Jailani kang minangka bapaké dhéwé yaiku Hasani déné ibune yaiku Husayni. Nanging garis tarekat iki jelas meloni keturunan Ali saka Husain nganti Ali Ridha, banjur pindhah metu ahlul-bait. Nanging wiwit saka Syekh Abdul Qadir Jilani, kalungguhan Wali Mursyid candhaké nganti sapréné kyang kang wis mancik génerasi kaping 40 (ing akèhing cabang tarékat) lumrahé dicekel manèh déning keturunan Ahlul Bait yaiku Hasani lan Husayni.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.