Rolas Imam

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Rolas Imam (Basa Arab: اثنا عشرية - Itsnāˤashariyya) iku salah sawijining pang ing ajaran Singah kang paling akèh umaté. Diarani Rolas Imam amarga ajaran iki percaya anané 12 imam kang mimpin muslim, diwiwiti déning Imam Ali ra. lan dipungkasi déning Imam Mahdi Al-Muntazhar (Imam Mahdi kang ditunggu), sawijining imam kang katon ing taun 868 nanging banjur muksa (ghoib). Para pamélu Itsna Asyariyyah yakin yèn Imam Mahdi bakal kondur ngadhepi dajjal lan bakal mangun papréntahan Islam.

Thumb Bagéan saka artikel ngenani
Imam Syi'ah
Rolas Imam


  1. Ali bin Abi Thalib
  2. Hasan al-Mujtaba
  3. Husain asy-Syahid
  4. Ali Zainal Abidin
  5. Muhammad al-Baqir
  6. Ja'far ash-Shadiq
  7. Musa al-Kadzim
  8. Ali ar-Ridha
  9. Muhammad al-Jawad
  10. Ali al-Hadi
  11. Hasan al-Askari
  12. Muhammad al-Mahdi

Remove ads

Kayakinan Itsna Asyariyyah

Syariah miturut Itsna Asyariyyah

Para pangikut ajaran Singah Itsna Asyariyyah punika mendhet adhedasar ukum (Syariah), kados al-Qur'an sarta Sunat Rasul. Bentennipun ukum syariah Sunni kaliyan Singah punika bab kayakinan manawi Muhammad sampun ngutus Ali ra. dados iman kaping pisanan sasampunipun Muhammad saw. Salajengipun, miturut pangikut Singah Itsna Asyariyyah, Imam utawi pamimpin umat punika boten dipilih déning manungsa kanthi cara dhémokrasi (pemilu). Imam punika kalungguhan langsung saking Allah. Nanging para pangikut paham Sunni langkung pitados manawi pamimpin umat punika dipunpilih kanthi cara pamilu sarta ingkang gadhah suwanten sarujuk ingkang kathah piyambak punika ingkang dados pamimpin (khalifah). Paham ingkang bènten punika ingkang damel Singah sarta Sunni dados misah. Wonten ngandhap punika bèntenipun prekawis Syari'ah déning Singah sarta Sunni:

  1. Ukum mendhet hadits saking Muhammad saw. sarta para Ahlul Bait[1].
  2. Boten mendhet hadits kanggé tuntunan ukum, tuladha ingkanng dipunriwayataken déning Abu Bakar, Umar sarta Usman (Katelu punika khulafaur rasyidin sadherengipun Ali ra.)
  3. Maringi status ma'shum (bébas saking kasalahan) déning para Imam sarta para pangikut ajaran saking para imam.

Doktrin Utami

Wonten ing ajaran Islam ilèn Singah Itsna Asyariyyah, wonten 10 rukun Islam, ingkang kaya 5 rukun Sunni, Sunni = 5 rukun, nanging para sunni ugi gadhah 5 Ushuluddin (rukun iman versi Sunni)[2]. Wonten ngandhap dipunjlentrehaken kayakinan-kayakinan para pangikut Itsna Asyariyyah babagan Ushuluddin (prinsip kayakinan) kaliyan Furu' ad-Din (prinsip kaagamaan):

Prinsip kaimanan Itsna Asyariyyah

Thumb
Mullah ingkang taksih wonten ing Imamzadeh wonten ing Tabriz, Iran.

Aliran Itsna Asyariyyah boten marengaken taklid (keyakinan ingkang buta, boten wonten dalil ingkang dados adhedasar), nanging nggal mukallaf kedah mengertosi kayakinan ingkang sampun dipuntemtukaken:

  • Prekawis katauhidan: Para pangikut Itsna Asyariyyah punika yakin manawi Allah punika ingkang nyiptakaken, nyipta Adam langsung ngagem astanipun Gusti, nuli nyebulaken roh, maringi rizki sarta mematikan. Ugi maringi manungsa lara sarta ujian, sadaya punika adhedasar kakuasaanipun Gusti (QS Yasin:82). Ingkang dherek paham punika ugi pitados manawi Allah Maha Kuasa, Allah Maha Esa, Allah boten katingal sarta boten wonten gambaripu kanthi lairiyah déning manunsa. Sacara tauhid, sadayanipun sami kaliyan para umat Islam limrahipun.[3][4]
  • Prekawis keadilan: Para pangikut Itsna Asyariyyah pitados manawi Allah boten nglarani para hamba-Nipun, sarta para hamba-Nipun dipunparingi rizki ingkang dipunbutuhaken.
  • Prekawis kenabian: Ingkang ndhèrèk Itsna Asyariyyah punika yakin manawi rasul ingkang terakir punika umat Islam inggih punika Rasulullah Muhammad saw. nurut kaliyan ajaran Muhammad saw. punika wajib, kados ingkang kaserat wonten ing Al-Qur'an (QS Ali 'Imran:85)
  • Prekawis imamah: Para pangikut Islam Singah punika mlebet golongan cabang Itsna Asyariyyah (Singah Imamiyah) sami pidatos manawi wonten ing sistem kapemimpinan ingkang dipunsebat imamah ingkang asalipun saking Muhammad. Imam punika dados pamimpin umat Islam adhedasar pitunjuk saking Allah. Wonten ing prinsip ajaran Singah dipunsebutaken manawi sajatosipun, Allah boten nglataraken umat Islam tanpa pamimpin. Sami pitados manawi Imam ma'shum (bébas saking dosa) sarta kalungguhan Imam punika langsung déning ilham saking Allah. Nggal Imam bakal maringi wasiat déning Imam salajengipun.
  • Prekawis Dunia Akir: Allah bakal nguripaken manungsa kanggé ngetung amal. Para manungsa ingkang gadhah amal saé bakal angsal ganjaran suwarga salaminipun, nanging ingkang gadhah amal buruk bakal dipunlebetaken wonten ing neraka.
Remove ads

Konsep Iman

Pratélan Imam

Katerangan liyané Nomor, Asma ...

Wonten ingkang gadhah pamanggih manawi Imam wonten ing Singah gadhah dhapuk ingkang sajajar kaliyan nabi. Nanging, wonten ing aspek kayakinan kaum Singah Itsna Asyariyyah, para Imam punika sanès nabi utawi rasul. Para Imam namung mbekta pesen Muhammad saw. Singah Itsna Asyariyyah boten nganggep Imam langkung gadhah kuwasa tinimbang nabi. Padatanipun para muslim klentu anggènipun nanggapi paham Singah amargi prekawis punika. Malah, wonten ing ajaran Singah, manawi wonten tiyang ingkang nganggep wonten nabi utawi rasul sasampunipun Muhammad saw, bakal langsung dipunparingi status bid'ah utawi kafir.

Lakon Imam Mahdi

Nalika dinten akir badhé kalaksanan, kaum Singah Itsna Asyariyyah pitados manawi Imam al-Mahdi, ingkang Imam pungkasan saking kalih welas Imam punika bakal nyelametaken umat manungsa saking angkara sarta bakal nata papréntahan Islam. Kaum Pura Asyariyyah pitados manawi Imam Mahdi dipunumpetaken kaliyan Allah. bakal dipunutus dados pambrantas angkara sarta bela kabecikan sarta kaadilan sesarengan kaliyan Nabi Isa as. sadèrèngipun dinten akir. nanging pamanggihan punika dèrèng mesti amargi boten wonten pendukung mandhapipun Nabi Isa as nalika akir jaman

wonten ing Singah dibagi malih dados ilèn Zaidiyyah, Ismailiyyah utawi Bahraiyyah, sanès bab gantosanipun Imam kaliyan asma-asanipun, boten nganggep manawi Imam kaping-12 (Muhammad bin Hasan) punika Imam al-Mahdi.

Remove ads

Hadits wonten kumpulan Itsna Asyariyyah

  • Hadits Singah: ngendikanipun al-Ma'shum (Muhammad, ahlul bait kaliyan Imam). Hadits punika dipunteliti shahih botenipun.
  • Ilmu dariyah, Itsna Asyariyyah: inggih punika ngèlmu ingkang diagem nalika madosi tandha-tandha hadits nalika kaanan darurat kadospundi matan kaliyan sanad hadits[38].
  • Hadits sajalur: amargi hadits punika adhaptasi kanggé njagi wontenipun carita utawa ngendikanippun para al-Ma'shum (Muhammad, ahlul bait sarta Imam), mula wonten tiyang ingkang ngendikakaken hadist ingkang kathah satunggal jalur sarta bakal diterusaken nggal tiyang, kados ingkang sampun diserat sarta dipeluni ngèlmu Ushul Fiqih, manawi kaleresan hadist saking al-Ma'shum (Muhammad, ahlul bait sarta Imam) dèrèng mesti leres nanging wontenipun dipunsampaikaken nganggé kanthi jalur kang warni-warni.
  • Ilmu rijal: Ilmu ingkang ditujukaken kanggé nguji ngèlmu sarta kedadian para perawi nalika nyampaikake hadits kanggé mangertosi sarta ngidentifikasi hadits punika shahih utawi boten shahih.[39]
  • Sifat perawi ingkang riwayatipun sarta kualifikasinipun dipuntarima:
  1. Islam
  2. Kagungan akal
  3. Baligh
  4. Beriman
  5. Adil

Wonten ing Singah, wonten 4 kitab hadits, inggih punika:

Katerangan liyané Panyerat Kitab, Taun miyos sarta sedanipun ...
Remove ads

Tlatah suci ingkang gadhah sujarah suci Itsna Asyariyyah

Nggal kaum muslim, Sunni utawi Singah, gadhah tlatah suci. Tlatah suci mau inggih punika tiga mésjid suci Masjidil Karam wonten ing Mekah, Masjid Nabawi wonten ing Madinah, sarta Masjidil Aqsa wonten ing Jerussalem. Kajawi tlatah punika, Singah uga gadhah tlatah suci sanèsipun, inggih punika makam-makam para Imam. Pasarean suci Singah inggih punika:

  • Makam Imam Ali - Najaf, Irak
  • Makam Imam Husein - Karbala, Irak
  • Makam Imam Ali Ridha - Mashhad, Iran
  • Makam Imam Ali Hadi dan Askari - Samarra, Irak
  • Makam Fatimah al-Ma'sumah (Fatimah az-Zahra) - Qum, Iran
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads