kutha krajan Provinsi Jawa Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kutha Semarang (Pegon: سٓماراڠ, Jawa: ꦑꦸꦛꦯꦼꦩꦫꦁ) kitha krajan Provinsi Jawa Tengah saha kitha ageng piyambak wonten ing provinsi menika. Ing Indonésia, Kitha Semarang punika dados kitha nomer gangsal kaliyan Padunung ingkang sampun ngancik 2.067.254 jiwa, namung kalah kalihan Jakarta, Surabaya, Bandung, lan Medan[1] Kitha menika mapan wonten ing antawisipun 466 km sisih wétan Jakarta, utawi 312 km sisih kulonipun Surabaya lan 624 km sisih kidul-kulonipun kitha Banjarmasin (via udara).[2] Semarang wewatesan ing sisih lor karo Seganten Jawa, ing sisih wétan kalihan Kabupatèn Demak, ing sisih kidul kalihan Kabupatèn Semarang lan ing sisih kulon kalihan Kabupatèn Kendhal.
| |||
Sesanti: "Semarang Setara" () | |||
Dina Dadi: | 2 Mèi 1547 | ||
Walikutha: | Hendrar Prihadi, S.H. | ||
Wakil Walikutha: | |||
Jembar -Total: |
373,67 km² | ||
Kacamatan -Cacahe: |
16 Kacamatan | ||
Padunung -Total: -Kapadhetan: |
+/-2.067.254 (2012) +/-5.500/ km² | ||
Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
Agama: | Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda | ||
Basa: | basa Jawa lan basa Indonésia |
Wilayah dataran cendhèk ing kitha Semarang punika cekap sempit, inggih punika namung kirang langkung 4 kilomèter saking garis pantai. Dhataran cendhèk menika kawentar kanthi sebatan kitha ngandhap. Kawasan kitha ngandhap menika asring kakenani banjir lan wonten sawetawis kawasan, banjir menika sababipun amargi limpasipun toya seganten (rob). Ing sisih kidul wonten dhataran inggil, ingkang kawentar kanthi sebatan kitha dhuwur, antawisipun kacamatan Candhi, Mijèn, Gunung Pati, lan Banyumanik.
Kutha Semarang ketata saking 16 kacamatan, 177 kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Semarang yaiku:
Ing kutha Semarang ana sawatara pawiyatan luhur misuwur, antarané:
Jeneng Semarang diparingake déning Ki Ageng Pandan Arang minangka bupati sapisan ing kutha iki.[3] Nalika semana, Kanjeng Bupati lelana nemu wit asem uwohe sethithik utawa arang-arang.[3] Kanjeng Bupati banjur ngendika marang para punggawane mangkene: “Para pandherekku kabèh, seksenana,amarga ing papan iki akèh wit asem, nanging uwohe kok arang, mula iki dakjenengke Semarang”.[3] Saka rong tembung 'asem' lan 'arang'.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.