Bilirubin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Bilirubin (Inggris: bilirubin, hematoidin) ya iku senyawa pigmen awerna kuning kang minangka kasil katabolisme enzimatik biliverdin déning biliverdin reduktase. Oksidasi bilirubin ngasilaké biliverdin manèh, saéngga mènèhi atribut antioksidan ing senyawa kimia iki ing fisiologi selular, kajaba GSH.[1] Bilirubin ya iku penghambat respon sel T CD4+, dhuwuré rasio serum bilirubin bakal ngindhuksi apoptosis sèl T CD4+ mau, saéngga bilirubin dianggep bisa mandhegaké lelara otoimun kaya ta sklerosis multipel.[2]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |

Bilirubin iku pigmen kang diculaké nalika sèl-sèl getih abang (eritrost) dipecah.[3] Padtan bilirubin diprosès lan ditokaké déning ati.[3] Tingkat kaluwihan bilirubin ing getih (hiperbilirubinemia) bisa ngindhikasi karusakan ati lan bisa njalari lelara kuning.[3] Penyakit kuning ya iku lelara kang ditandhani kulité kuning, mripat dadi putih, warna tinja pucet, lan uyuh peteng.[3] Tingkat bilirubin normal ya iku sangisoré 1,3 mg.[3]
Remove ads
Fungsi
Bilirubin digawé déning kagiyatan biliverdin reduktase ing biliverdin, pigmen empedu ijo tetrapyrrolic kang uga minangka kasil katabolisme heme. Bilirubin, nalika keoksidai malih dadi biliverdin manèh. Siklus iki, kajaba dhémonstrasi kagiyatan antioksidan kang kuat saka bilirubin [4] wis mbuktekake yèn kagunan utama bilirubin ya iku minangka antioksidan selular.[5][6]
Struktur Kimia
Bilirubin kawangun saka ranté tarbuka saka patang pirol kaya ali-ali (tetrapyrrole). Ing heme, patang ali-ali kang kahubung ing ali-ali kang luwih gedhé, kang diarani ali-ali porfirin. Bilirubin bisa terkonjugasi kanthi molekul asem glukuronat kang nggawé bilirubin larut ing banyu. Bilirubin mèmper karo phycobilin pigmen kang digunakaké déning ganggang tartamtu kanggo nangkep ènergi cahya lan pigmen fitokrom kang digunakaké déning tetuwuhan supaya bisa éntuk cahya srengéngé. Kabèh iki ngandhut ranté tarbuka saka patang ali-ali pyrrolic. Kaya pigmen liyané, sawatara bilirubin digunakaké ing fototerapi saka bayi kuning. E, Z-isomer bilirubin kawentuk ing paparan cahya luwih rikat larut tinimbang Z unilluminated Z-isomer minangka bisa dadi ikatan hidrogen intramolekul.
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads