Kalsiyum

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kalsiyum
Remove ads

Kalsium (calcium (Ca)), iku unsur élemèn kimia, salah sawijiné logam alkalin bumi saka golongan 2 (IIa) ing tabel periodik.[2] Kalsium iku unsur logam kang akèh dhéwé sajeroning awak manungsa lan élemèn kalima kang akèh dhéwé ing kerak Bumi.[2]

Sunyata Rikat General properties, Wujud ...
Remove ads

Kalsium lan manungsa

Kalsium yaiku nutrisi kanggo balung.[3] Kira-kira 99% kalsium ana ing njero jaringan keras yaiku balung lan untu.[3] 1% kalsium ana ing getih, lan jaringan lunak.[3] tanpa kalsium kang 1% iki, otot ngalami gangguan kontraksi, getih angèl mbeku, tranmisi saraf ana masalah, lan sapituruté.[3] kanggé njangkepi 1% kabetahan iki, awak njupuk panganan kang dipangan saka balung.[3] Upama panganan kang dipangan ora cukup, mangka dijupuk saka balung.[3] saé ngga balung bisa diarani cadangan kalsium.[3] Upama kadadéan iki selang wektuné suwé, mangka balung bakal ngalami keropos balung.[3] Kalsium zat kang dibutuhaké saka bayi nganti tuwa.[4] Cacahé kabutuhan kalsium dibedakaké miturut jinis kelamin lan umur.[4] Miturut dhokter gizi, kabutuhan wong-wong Indonésia iku antarané 500-800 mg/ dina.[4] Wektu wong kang wis tuwa lan wadon ménopause disaranke ngombé asupan kalsium 1000 mg /dina.[4]

Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads