Demeter

From Wikipedia, the free encyclopedia

Demeter
Remove ads

Demeter (Grikenlan: Δημήτηρ, Dēmētēr, Ana ing mitologi Yunani, dimungkinaké duwé teges "ibu bumi" kang minangka dèwi tetanèn lan kasuburan.[1][2][3] Demeter iku kang ngendhalèkaké panèn, kasuburan lemah, mangsa (dilambangaké nganggo Horai), lan gandum.[1][3] Demeter iku putri saka Kronos lan Rhea.[1][3] Sawisé lair, Demeter lan sadulur-seduluré dipangan karo Kronos, kang wedi yèn siji dina tahtané digulingaké déning anaké.[4] Demeter dislametaké déning Zeus lan kadhangkala karan uga dadi salah siji saka déwa Olimpus kang nganthèni Hades amarga Hades luwih kerep ana ing donya ngisor.[4] Demeter ya iku dèwi kang ngajaraké manungsa nenandur kang ndadèkaké manungsa banjur lunga saka cara ajag lan ngracik.[4] Rambut Demeter nglambangake bulir-bulir gandum kang dadi simbole.[4] Demeter uga digambarake nganggo polos, makutha kang wujudé bunder.[4] Demeter duwé anak kang jenenge Persefone kang dadi jathukramane Hades. Konon, kisah Persefone iki minangka asal mula anané papat mangsa.[1][3] Nalika Persefone urip bareng karo Hades, Demeter nelangsa lan bumi banjur ngalami mangsa atis.[3] Ewadéné nalika Persefone urip bareng Demeter, Demeter ngrasa bungah lan nalika iku banjur ana mangsa semi.[4] Demeter lan Persefoen minangka figur utama ana ing golongan pamujan rahasia, Misteri Eleusis.[3] Ana ing kabudayan Romawi, Demeter dikenal karo jeneng Ceres".[3] Dimungkinaké jeneng Ceres iki dadi inspirasi kanggo siji mèrk bahan panganan lapis coklat kang kerep dipigunakaké kanggo nglapisi roti.[3] Bahan panganan mau digawé saka coklat kang dhapuré kaya wulir pari.[3]

Thumb
Pasuryané Demeter
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads