Eduard Douwes Dekker

From Wikipedia, the free encyclopedia

Eduard Douwes Dekker
Remove ads

Eduard Douwes Dekker (utawa Multatuli, jeneng pènané) ya iku pegawé Landa uga sastrawan.[1] Dhèwèké lair ana Amsterdam ing 2 Maret 1820 lan séda ana Nieder-Ingelheim, Jerman, ing 19 Fèbruari 1887.[2] Dekker makarya ana pamaréntah kolonial Landa ana Batavia (saiki Jakarta) ing 1839.[2]

Sunyata Rikat Lair, Pati ...

Bapaké asma Engel Douwes Dekker, kaptèn pedagang laut.[2] Ibuneé asma Sietske Eeltjes Klein.[2]

Dhèwèké mbojo karo Everdine Hubertine van Wijnbergen ing 10 April 1846; banjur duwé anak, siji wadon, siji lanang.[2] Lebar Everdina séda ana Venesia ing 13 September 1874, dhèwèké mbojo karo Maria Frederika Cornelia Hamminck Schepel (Mimi utawa Mies) ing 1 April 1875.[2] Mimi ya iku guru, uga juru tulis kanthi jeneng Heloïze.[2]

Nganggo jeneng Multatuli, Dekker akèh nguncal kritik ngenani masarakat Landa ing abad sangalas.[2] Dhèwèké kondhang ana tingkat internasional minangka juru tulis, dhèwèké dadi wong Landa "kinurmatan" ing jaman kontroversialé.[2] Dhèwèké duwé prabawa gedhé kanggo wong kang aktip ana owahan buruh lan wadon kang nuntut émansipasi.[2]

Roman Max Havelaar terbit sepisanan ana Amsterdam ing 15 Mèi 1860.[3] Roman iku acorak satir pulitik, dianggit déning Eduard Douwes Dekker nganggo jeneng Multatuli.[3] Dhèwèké dadi kondhang amarga nudhuhaké kasunyatan urip masarakat Lebak kang kéré ana tengahing kolonialisme kang ngeruk untung saka nagari jajahan.[3] Ora suwé lebar terbit, Max Havelaar dadi bahan kanggo nyerang kebijakan pamaréntah kolonial Landa ana Hindia Belanda.[3] Éntuk inspirasi saka Max Havelaar, Robert Fruin nulis artikel ngenani kuwajibaning pamaréntah kolonial kanggo ngunggahaké taraf uripé warga jajahan.[3] Tulisané Fruin ngaruh-aruhi tokoh-tokoh Landa ana Hindia Belanda kang nggagas pulitik ètis kaya ta Van Deventer lan Pieter Brooshooft.[3]

Remove ads

Cathetan suku

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads