IBM

From Wikipedia, the free encyclopedia

IBM
Remove ads

International Business Machines Corporation (dicekak IBM) iku sawijining kumpeni asal Amérika Sarékat kang mrodhuksi lan adol piranti kasar lan piranti alus komputer. IBM diyasa tanggal 16 Juni 1911, wiwit lumaku oprasiné taun 1888 lan punjeré ana ing Armonk, New York, Amérika Sarékat.

Sunyata Rikat Type, Industry ...
Remove ads

Tata pangrumatan kumpeni

Komplèks kantor pusat IBM kaprenah ing Armonk, Town of North Castle, New York, Amérika Sarékat, kanthi ambané wangunan 26.300 m2. Kantor iki dipanggoni wiwit taun 1964.[3] IBM uga nduwèni rolas laboratorium risèt kang sumebar saindenging donya—Almaden, Austin, Otralia, Brazil, Cina, Dublin, Israél, Indhi, Tokyo, Watson (New York), Zurich lan Nairobi—kalawan Watson minangka markas punjeré dhivisi risèt lan dadi pusat paséban saben tauné. IBM uga nduwèni IBM Scientific Center, Hursley House, the Canada Head Office Building, IBM Rochester, lan the Somers Office Complex. Wangunan duwèké IBM, 330 North Wabash kang dirancang déning Ludwig Mies van der Rohe kasil merkolèh Honor Award saka National Building Museum ing taun 1990.[4]

Remove ads

Risèt

Ing taun 1945, The Watson Scientific Computing Laboratory diyasa ing Columbia University, New York. Fasilitas iki dipigunakaké kanggo sains murni lan minangka wiwitané divisi risèt IBM kang rikala iki nglakokaké lan ngrumat fasilitas-fasilitas risèt IBM saindenging donya. IBM uga minangka salah sawijining kang ngobahaké Open Source Initiative, lan wiwit nyokong Linux ing taun 1998.[5] Kumpeni wus nginvèstasèkaké milyaran dolar kanggo pangembangan piranti alus lan jasa kang adhedhasar Linux sarana IBM Linux Technology Center, kalebu ing jeroné yaiku ana 300 wong pangembang kernèl Linux.[6]

Remove ads

IBM ing Indonésia

IBM wiwit lumaku ing Indonésia taun 1937 mawa jeneng Watson Bedriffsmachine Java NV. Mesin sepisanan kang diadol yaiku mesin kanggo mrosès dhata kang dituku déningStaats Spoorwagen - maskapé sepur duwèké pamaréntah ing Bandung - ing jaman purwakaning komputerisasi ing Indonésia. Rikala taun 1953, Watson Java NV nyalin jenengé dadi IBM Indonesia Ltd, NV.[7] Kalawan anané akuisisi Price Waterhouse Consulting lan kayasané IBM Global Business Services ing taun 2002, IBM Indonesia ngadegaké PT IBM Jasa Teknologi Informasi ing taun 2003 lan fokus marang leladèn tèknologi informasi.

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads