Jerman Nazi

From Wikipedia, the free encyclopedia

Jerman Nazi
Remove ads

Jerman Nazi utawa Reich Katelu iku ngarujuk mligi mangsa wiwit taun 1933 nganti 1945, nalika Adolf Hitler mimpin nagara Jerman minangka diktator lan nyebaraké ideologi nasional-sosialisme (Nationalsozialismus). Reich iku tembung Jerman kanggo "karajan". Disebut karajan katelu amarga karajan pisanan yaiku Kakaisaran Romawi Suci, déné karajan kaloro yaiku Kakaisaran Jerman.

Katerangan liyané Großdeutsches Reich Reich Jerman Raya ...
Thumb
Gendéra Jerman Nazi, kanthi swastika minangka simbul dominan.
Thumb
Peta Jerman ing jaman Nazi.

Sajeroning periode iki Jerman tuwuh saka nagara kang kalah Perang Donya I nganti dadi salah siji kakuwatan militèr gedhé dhéwé ing donya. Ing ing sajeroning wektu iku uga ditindakaké pulitik rasis kang ngagungaké bangsa Arya lan ora ngajèni ras-ras liya.

Mliginé bangsa Yahudi didiskriminasèkaké lan dikumpulaké kanggo dipatèni ing kamp konsèntrasi. Saliyané wong Yahudi kaum Nazi uga ndiskriminasi lan mbesmi bangsa Gipsi (Roma lan Sinti) sarta bangsa Slavia. Jerman Nazi bubar nalika kalah sajeroning Perang Donya II nglawan Uni Soviet lan kakuwatan Sakuthu kang dibawahi Amérika Sarékat. Kasil saka kakalahan iki nagara Jerman banjur dipérang, yaiku Républik Federasi Jerman ing sisih kulon lan Républik Dhémokratis Jerman ing sisih wétan sarta wewengkon ing wétané Kali Oder lan Neisse diwènèhaké marang Polen lan Uni Soviet.

Thumb
Wewengkon Éropa taklukan Nazi Jerman ing jaman puncak kakuwasan
Thumb
Perkembangan ekspansi wewengkon Jerman ing Éropa saka 1937 nganti 1 September 1939
Remove ads

Wewengkon taklukan Nazi Jerman

Deleng uga

Sunyata Rikat
Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads