Juli 2009

From Wikipedia, the free encyclopedia

Juli 2009
Remove ads

31 Juli 2009 - Tiyang-tiyang asing saking nagari ngamanca wiwit sapunika boten pareng angsal operasi transplantasi organ malih ing Karajan Manunggal. (Yahoo! UK)

Thumb
SBY

30 Juli 2009 - Bom montor njeblug ing pulo wisata Mallorca (Spanyol) ing Seganten Tengah niwasaken 2 jiwa pulisi. (Reuters)

26 - Présidèn Kirgizstan Kurmanbek Bakiyev mimpangaken Pemilu mawi 78% saking swanten.

22 - Pasangan Susilo Bambang Yudhoyono-Boediono dipuntetepaken déning KPU mimpangaken Pemilu Présidhèn 2009.(Detik.com)

Thumb
Ilustrasi gerhana srengéngé
22 Juli 2009

22 - Grahana srengéngé 22 Juli 2009 paling dangu ing abad kaping-21 inggih punika salebeting 6 menit 39 detik saged dipunpirsani saking India ngantos dumugi Samodra Pasifik wétan (Kompas)(AFP via Google)

17 - Kalih bom njeblug ing kitha Jakarta lan mejahi 9 jiwa saha nyidrani langkung saking 50 jiwa.

Thumb
Federer

5 - Ing ténis, Roger Federer kaliyan Serena Williams menangaken gelar tunggal ing Kajawaran Wimbledon 2009 mawa Federer ngawonaken rekor Grand Slam Pete Sampras.

5 - Ing Karajan Manunggal wonten gègèran nalika garwanipun Ketua Dinas Intelijèn Karajan Manunggal, MI6, Sir John Sawers, gadhah rékening ing Facebook lan ndèkèk foto-fotonipun. (Mail on Sunday)

2 - Mantri Luar Negeri Walandi, Maxime Verhagen nepsu marang wali kutha Rotterdam, Ahmed Aboutaleb ingkang katurunan Maroko, awit piyambakipun wicanten resmi kaliyan Mantri Luar Negeri Maroko, Taib Fassi-Fihri. (Nu.nl)

1 - Dipun panggihi ing sagantun wonten satunggaling kenya umur 12, anami Bahia Bakari, ingkang gesang saking kacilakan Yemenia Penerbangan 626. Piyambakipun satunggal-tunggalipun ingkang slamet. (BBC World)

Remove ads

Ugi pirsani

Katerangan liyané Dasawarsa, Taun : ...
Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads