Agustus 2009
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Prastawa
30 Agustus - Parté Demokratik Jepang (Minshutō) nguwaosi parlemèn Jepang, mungkasi papréntahan 54 taun mèh tanpi jeda Parté Demokratik Liberal (Jiyū Minshutō). (sumber)
25 - Senator AS Ted Kennedy tilar donya sasampunipun langkung saking sataun nyandhang kanker. (sumber)
24 - Stefanía Fernández asal Venezuela kapilih minangka Miss Universe 2009. (sumber)
19 - Para ngèlmuwan manggihaken landhesan dharat 'prasajarah' ingkang dipunanggé déning dhinosaurus miber.(sumber)
17 - Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono ngramèkaken pèngetan 17 Agustusan wonten ing Istana Merdeka Jakarta (sumber: Yahoo!News)
12 - Mahkamah Konstitusi nulak sedanten gugatan pasangan Mega-Prabowo lan JK-Wiranto ing pasulayan asil Pilpres 2009. Pasangan SBY-Boediono dipunpesthèkaken dados présidhèn lan wakil présidhèn kapilih 2009-2014. (sumber)
12 - Polri ngumumaken yèn jisim teroris ingkang kaprejaya wonten ing salebeting operasi Densus 88 punika Ibrohim, sanès Noordin M. Top kados ingkang dipun-kinten sadèrèngipun. (sumber)
11 - Hillary Clinton duka nalika wonten ing Kongo déning satunggaling mahasiswa ingkang nakènaken panggalihipun garwanipun. (sumber)
6 - Rendra, juru gurit ingkang misuwur kanthi tetenger Si Burung Merak, tilar donya. (sumber)
5 - Mahmoud Ahmadinejad kanthi resmi dipun-sumpah minangka Présidhèn Iran kanggé mangsa kalungguhan ingkang kaping kalih. (Press TV) Archived 2012-01-05 at the Wayback Machine. (BBC)
4 - Mbah Surip, penyanyi ingkang misuwur kanthi lagu Tak Gendong, tilar donya amargi gagal jantung. (sumber)
1 Agustus 2009 - Mantan Présidhèn Filipina Corazon Aquino séda amargi lelara kanker usus. (sumber)
Remove ads
Ugi pirsani
- Juli 2009 - Agustus 2009 - September 2009
- Taun 2009 - Kalendher kadadosan
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads