Juni 2013

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Prastawa

  • 27 Juni 2013 Kevin Rudd mimpangaken pamilihan ketua Parté Buruh Australia, ngawonaken Julia Gillard, lan menjadi Mahamantri Australia.
  • 25 Juni 2013 Emir Qatar, Sheikh Hamad bin Khalifa al-Tsani resmi masrahaken kakuwasan dhumateng putranipun Tamim bin Hamad al-Tsani.
  • 21 Juni 2013 Banjir bandhang lan longsor ing Uttarakhand lan Himachal Pradesh, India, niwasaken langkung saking 500 jalmi.
  • 19 Juni 2013 Metode tegor lan obong lahan ing Indonésia ngasilaken kabut beluk paling ageng ing Singapura.
    Thumb
    Hassan Rouhani
  • 16 Juni 2013 Tokoh konservatif modhérat Hassan Rouhani mimpangaken pilihan umum présidhèn Iran kaping sewelas, sasampunipun rampungipun wolung taun papréntahan Mahmoud Ahmadinejad.
  • 15 Juni 2013 Montor miber pabrikan Éropah, Airbus A350, nglampahaken pamiberan uji coba kaping sepindhahipun saking Paris dhumateng Toulouse.
  • 14 Juni 2013 Iran nggawontenaken pilihan umum présidhèn kaping sewelas salaminipun sajarahipun, sasampunipun rampungipun wolung taun papréntahan Mahmoud Ahmadinejad.
  • 12 Juni 2013 Jiroemon Kimura, jalmi paling sepuh ingkang kacathet salebetipun sajarah, tilar donya ing yuswa 116 taun, 54 dinten.
  • 12 Juni 2013 Sapérangan èlmuwan manggihaken lapisan Kalih, pérangan kornea jalmi ingkang dèreng dipunkawruhi sadèrèngipun.
  • 12 Juni 2013 Karusuhan ingkang dumados ing Konsulat Jèndral Républik Indonésia ing Jeddah niwasaken 1 tiyang ténaga kerja Indonésia.
  • 11 Juni 2013 Rafael Nadal dados peténis sepindhah ingkang njawarani Grand Slam kaping 8 lumampah teras sasampunipun mimpangaken Prancis Terbuka 2013.
  • 11 Juni 2013 Yunani asung wara-wara pambibaran perusahaan panyiaran umumipun, ERT.
  • 10 Juni 2013 Montor miber Merpati Nusantara Airlines keplèsèt ing Papan Anggegana El Jogèd, Kupang, kanthi sadaya penumpang wilujeng.
  • 9 Juni 2013 Ghader Mizbani saking Iran njawarani kajuwaran balap sepédha Tour de Singkarak 2013.
  • 8 Juni 2013 Ketua MPR RI, Taufiq Kiemas tilar donya ing Singapore General Hospital, Singapura ing yuswa 70 taun.
  • 2 Juni 2013 Lindhu kanthi kekiyatan 6,3 skala Richter ngguncang Taiwan.
  • Remove ads

    Ugi pirsani

    Katerangan liyané Dasawarsa, Taun : ...
    Remove ads
    Loading related searches...

    Wikiwand - on

    Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

    Remove ads