Juni 2012

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads
< Juni 2012 >
M S S R K J S
  1 2
3 4 5 6 7 8 9
10 11 12 13 14 15 16
17 18 19 20 21 22 23
24 25 26 27 28 29 30
Kalendher Setaun

Prastawa

  • 30 Juni 2012 Manten Mahamantri Israèl, Yitzhak Shamir tilar donya mawi yuswa 96 taun.
  • 29 Juni 2012 Gréja Kawiyosan ing Bethlehem, Gisik Kulon dados situs Warisan Donya UNESCO kapindhah ing Palèstina.
  • 24 Juni 2012 Muhammad Mursi kapilih dados Présidhèn Mesir.
  • 21 Juni 2012 Montor Miber Angkatan Udara Indonésia Fokker 27 ngalami kacilakan lan dhawah ing satunggaling komplèks griya-griya ing Jakarta, lan niwasaken sakirangipun 11 jiwa.
  • 20 Juni 2012 Wonten wartos saking biro pers Mesir MENA manawi Hosni Mubarak ingkang dipunvonis kunjara salawasipun gesang ing tanggal 2 Juni 2012, sapunika sampun tilar donya kanthi klinis. Nanging wartos punika dipunbantah sawatawis pajabat sénior Mesir.
  • 19 Juni 2012 Pangadeg Wikileaks, Julian Assange mlajeng dhateng Kadutan Agung Ekuador ing London kanggé nyuwun suwaka, awit piyambakipun ajrih bakal dipunserahaken dhateng Amérikah Sarékat manawi dipunékstradisi dhateng Swèdhen.
    Thumb
    Nayef bin Abdulaziz
  • 16 Juni 2012 Pangéran makutha Arab Saudi, Nayef bin Abdulaziz (gambar), tilar donya mawi yuswa 78 taun ing Jenéwa, Switserlan.
  • 10 Juni 2012 Juru balap pit Azad University Cross Team asal Spanyol, Oscar Pujol Munoz tampil minangka juwara umum Tour de Singkarak 2012.
  • 8 Juni 2012 Kajuwaran bal-balan Piala Éropa UEFA Euro 2012 (8 Juni-1 Juli 2012) resmi dipunbikak ing Warszawa, Polen mawi tetandhingan antawis Polen lawan Yunani mawi kasil 1-1. Lajeng dalunipun Ruslan mimpang 4-1 saking Céko ing Wroclaw. Kajuwaran taun punika dipunwontenaken ing kalih nagari: Polen saha Ukraina. Cacahipun tim ingkang tumut wonten 16.
  • 3–10 Juni 2012 Tour de Singkarak 2012 resmi dipunbikak lan sampun kawiwitan saking Kitha Sawahlunto dumugi ing Kitha Padang ing tanggal 10 Juni
  • Remove ads

    Mirsani ugi

    Katerangan liyané Dasawarsa, Taun : ...
    Remove ads
    Loading related searches...

    Wikiwand - on

    Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

    Remove ads