Kebab
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kebab (kebap, kabab, kebob, kabob, kibob, kebhav, utawa kephav) ya iku daging sing cara pamasaké disunduki nganggo sunduk utawa sujèn utawa saka gagang wesi.[1] Hidangan iki lumrahé tinemu ing masakan Laut Tengah, masakan Kaukasus, masakan Asia Tengah, masakan Asia Kidul lan masakan ing nagara-nagara liyané kaya ta Afrika.[1]

Daging kang lumrahé dianggo nggawé kebab yaiku daging wedhus gibas lan daging sapi, utawa kadhang-kadhang uga nggunakaké daging wedhus, daging pitik, iwak, utawa kerang utawa buku.[2] Kebab daging babi uga kaloka kanthi ing masakan Armenia, Bulgaria, Siprus, Yunani, lan nagara pérangan Goa ing India.[2]
Remove ads
Ètimologi
Jeneng kebab asalé saka Basa Pèrsi: kabab (کباب).[3] Kebab tegesé daging goreng, dudu daging panggang/bakar.[2] Tembung kabab uga ana uga kang ngarani asalé saka basa Aram: כבבא kabbābā.[3] Saliyané iku ana uga kang ngarani asalé saka basa Akkadia: kabābu kang tegesé "bakar, panggang".[3] Nalika abad kaping 14,kebab duwé sinonim karo tabahajah, yaiku hidangan kang wujud daging kang dikethok lan digoréng ing basa Pèrsi.[3] Ing buku-buku kang ditulis nganggo basa Turki, istilah kebab utawa daging wedhus gibas kang dikethok-kethok utawa dicacah.[1] Istilah kebab lagi duwé teges daging panggang (shish kebab) nalika jaman Kesultanan Utsmaniyah, nanging isih ana istilah liyané kang luwih kuna kanggo daging panggang, yaiku shiwa` (شواء) kang asalé saka basa Arab.[3] Sanajan ngono, kebab isih duwé teges istilah asliné nalika ing masaka semur, kaya ta tas kebab (kebab ing jero mangkok) saka Turki.[3] Ing masakan Mesir ana masakan semur daging sapi lan bawang bombay, masakan iki diarani kebab halla.[3]
Remove ads
Cathetan suku
Pranala jaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads