Kondensator

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kondensator
Remove ads
Remove ads

Kondensator utawi asring dipunsebat minangka kapasitor inggih punika satunggaling piranti ingkang saged nyimpen ènergi ing salebeting medan listrik, kanthi cara ngempalaken ingkang boten seimbang internal saking momotan listrik. Kondensator gadhah ékan ingkang dipunsebat Farad saking nama Michael Faraday. Kondensator ugi dipuntepang minangka "kapasitor", nanging tembung "kondensator" taksih dipun-ginakaken ngantos sapunika[1]. Ingkang pisanan dipunsebat déning Alessandro Volta minangka ilmuwan Italia ing taun 1782 (dari basa Itali condensatore), gegayutan kaliyan kemampuan piranti kanggé nyimpen satunggaling momotan listrik ingkang inggil kabandhingake komponèn sanèsipun. Kathah saking basa lan nagara ingkang boten ngginakaken basa Inggris taksih ngacu saking tetembungan basa Italia "condensatore", basa Perancis condensateur, Indonesia lan Jerman Kondensator utawi Spanyol Condensador.

  • Kondensator gadhah kalih samparan lan kalih kutub inggih punika positif lan négatif sarta gadhah cuwèran elektrolit lan limrahipun wujudipun tabung.
Lambang kondensator (gadhah kutub) ing skema elektronika.
  • Manawi jinis ingkang satunggal malih kathah aji kapasitasipun langkung andhap, boten gadhah kutub positif utawi négatif ing samparan, kathaipun wujudipun bunder pipih warni coklat, abrit, ijo lan sanèsipun kados tablet utawi kancing rasukan.
Thumb Lambang kapasitor (boten gadhah kutub) ing skema elektronika.

Nanging limrahipun lan kondisi sarta artikulasi basa saben nagara manut saking masarakat ingkang langkung asring nyebataken. Sapunika limrahipun tiyang kasebat namung nyebataken salah satunggaling nama ingkang langkung dominan dipun-ginakaken utawi langkung asring dipunpireng. Ing mangsa punika, kondensator asring dipunsebat kapasitor (capacitor) utawi kosok wangsulipun ingkang wonten ngèlmu elektronika dipunsingkat kanthi aksara (C).

Thumb
Lithium Ionen Kondensator
Remove ads

Kapasitansi

Ékan saking kapasitansi kondensator inggih punika Farad (F). Nanging Farad inggih punika ékan ingkang langkung ageng, pramila dipun-ginakaken:

  • Pikofarad () =
  • Nanofarad () =
  • Microfarad () =

Kapasitansi saking kondensator saged dipuntemtokaken kanthi rumus:

: Kapasitansi

: permitivitas hampa

: permitivitas relatif

: luas pelat

:jarak antar pelat/tebal dielektrik

Manawi cara damel ageng kapasitansi kapasitor utawi kondensator kanthi cara:

  1. Sungsunipun lapis-lapis.
  2. Jembaraken lumah variabel.
  3. Ngginakaken bahan ingkang daya tembus ageng.
Katerangan liyané Dielektrik, Permitivitas ...
Remove ads

Wujud lan Macam kondensator

Katerangan liyané ...
Remove ads

Jinis kondensator

Adhedhasar mupangatipun kondensator dipunpérang dados:

  1. Kondensator tetap (aji kapasitasnya tetap tidak dapat diowah)
  2. Kondensator elektrolit (Electrolite Condenser = Elco)
  3. Kondensator variabel (aji kapasitasnya dapat diowah-ubah)

Uga delengen

  • Komponèn elektronik

Cathetan suku

Loading content...

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads