Konflik Israèl-Palèstina

From Wikipedia, the free encyclopedia

Konflik Israèl-Palèstina
Remove ads

Konflik Israèl-Palestina, minangka péranganing konflik Arab-Israèl, iku konflik kang turun-tumurun antara bangsa Israèl lan bangsa Palestina.

Thumb
Israèl, Gisik Kulon, lan Lurung Gaza berada di pusat konflik Israèl-Palestina.

Konflik Israèl-Palestina iki dudusawijining konflik kang prasaja, kaya-kaya dianggep kabèh bangsa Israèl (utawa malah kabèh wong Yahudi kabangsaan Israèl) duwé siji pandulu kang padha, samono uga kabèh bangsa Palestina. Ing kaloro komunitas mau pancèn ana wong-wong lan golongan-golongan kang nganjuraké panyingkiran teritorial total saka komunitas liyané, nanging ana uga sapérangan kang nganjuraké solusi rong nagara, lan sapérangan manèh nganjuraké solusi rong bangsa kanthi siji nagara sekular kang nyakup wewengkon Israèl mangsa saiki, Lurung Gaza, Gisik Kulon, lan Yerusalem Wétan.

Wiwit Pasetujon Oslo, Pamaréntah Israèl lan Otoritas Nasional Palestina kanthi resmi wis duwé tékad kanggo milih solusi rong nagara. Masalah-masalah utama kang isih ngganjel ya iku:

  • Status lan mangsa ngarep Gisik Kulon, Lurung Gaza, lan Yerusalem Wétan kang nyakup wewengkon-wewengkon saka Nagara Palestina kang diusulaké.
  • Kaamanan Israèl.
  • Kaamanan Palestina.
  • Hakikat mangsa ngarep nagara Palestina.
  • Nasib para pangungsi Palestina.
  • Kawicaksanan-kawicaksanan pamukiman pamaréntah Israèl, lan nasib kang ndunungi pamukiman iku.
  • Kadhaulatan tumrap panggonan-panggonan suci ing Yerusalem, kalebu Bukit Bait Suci lan kompleks Tembok Nangis Kulon (Wailing wall).

Masalah pangungsi muncul minangka akibat saka perang Arab-Israèl 1948. Masalah Gisik Kulon, Lurung Gaza, lan Yerusalem Wétan muncul minangka akibat saka Perang Enem Dina taun 1967.

Remove ads

Sajarah

Nganti taun 1949

  • Deklarasi Balfour 1917

2 November 1917. Inggris ngetokaké Deklarasi Balfour, kang déning pihak Yahudi lan Arab dianggep janji kanggo ngadegaké tanah air kanggo kaum Yahudi ing Palestina.

  • Revolusi Arab 1936-1939.

Revolusi Arab kabawah Amin Al-Husseini. Ora kurang saka 5.000 warga Arab kapperjaya. Akèh-akèhé déning Inggris. Atusan wong Yahudi uga tiwas. Husseini mabur menyang Irak, banjur menyang wewengkon Jerman, kang nalika iku ana ing papréntahan Nazi.

  • Tèks 1922: Mandat Palestina Liga Bangsa-bangsa
  • Mandat Britania tumrap Palestina
  • Rencana Pembagian Wewengkon déning PBB 1947
  • Deklarasi Pambentukan Nagara Israèl, 14 Mèi 1948.

Sacara sepihak Israèl mbiwara minangka nagara Yahudi. Inggris lunga saka Palestina. Mesir, Suriah, Irak, Libanon, Yordania, lan Arab Saudi bebarengan nglawan Israèl.

3 April 1949. Israèl lan Arab sarujuk gencatan senjata. Israèl ngéntukaké wewengkon 50 persèn luwih akè saka kang diputusaké sajeroning Rencana Pamisahan PBB.

  • Exodus bangsa Palestina

1949-1967

  • Perang Suez 1956
  • Organisasi Pembebasan Palestina (PLO) resmi madeg pada Mèi 1964. Tujuané numpes Israèl.
  • Perang Enam Dina 1967
  • Resolusi Khartoum
  • Pendudukan Lurung Gaza déning Mesir
  • Pendudukan Gisik Kulon lan Yerusalem Timur déning Yordan

1967-1993

  • Prajanjèn Nasional Palestina digawé taun 1968, Palestina kanthi resmi nuntut pambekuan Israèl.
  • 1970 War of Attrition
  • Perang Yom Kippur 1973
  • Kasepakatan Damai Mesir-Israèl ing Camp David 1978
  • Perang Libanon 1982
  • Perang Teluk 1990/1
  • Kesepakatan Damai Oslo antara Palestina lan Israèl 1993

13 September 1993. Israèl lan PLO sarujuk silih ngakoni kadhaulatan. Ing sasi Agustus 1993, Arafat lungguh saméja karo Nayakotama Israèl Yitzhak Rabin.

  • Intifada pisanan

1993-saiki

  • Karusuhan terowongan Al-Aqsa

September 1996. Karusuhan terowongan Al-Aqsa. Israèl sengaja mbukak terowongan tunuju Masjidil Aqsa kanggo mbujuk para turis.

  • 18 Januari 1997 Israèl sanggup narik wadyabala saka Hebron, Gisik Kulon.
  • Prajanjèn Wye River Oktober 1998 isi panarikan Israèl lan nguculaké tahanan pulitik lan kasanggupan Palestina kanggo nglakoni prajanjèn Oslo, kalebu bab dol-tinuku senjata ilegal.
  • 19 Mèi 1999, Pamimpin parté Buruh Ehud Barak kapilih dadi nayakotama.
  • Intifada al-Aqsa

Maret 2000, Kunjungan pamimpin oposisi Israèl Ariel Sharon menyang Masjidil Aqsa micu karusuhan. Masjidil Aqsa dianggep salah siji papan suci umat Islam. Intifadah gelombang kaloro diwiwiti.

  • KTT Camp David 2000 antara Palestina lan Israèl
  • Maret-April 2002 Israèl yasa Tembok Pertahanan ing Gisik Kulon lan diiringi rerangkèn serangan "nglalu" saka Palestina.
  • Juli 2004 Mahkamah Internasional netepkan pambangunan wates pertahanan nyalahi hukum internasional lan Israèl kudu ngrubuhaké.
  • 9 Januari 2005 Mahmud Abbas, saka Fatah, kapilih dadi Présidhèn Otoritas Palestina, nggantèkaké Yasser Arafat kang séda 11 November 2004
  • Peta tunuju perdamaian
  • Juni 2005 Mahmud Abbas lan Ariel Sharon ketemu ing Yerusalem. Abbas ngulur jadwal pemilu amarga kuwatir Hamas bakal menang.
  • Agustus 2005 Israèl lunga saka pamukiman Gaza lan papat wewengkon pamukiman ing Gisik Kulon.
  • Januari 2006 Hamas menangaké kursi Dewan Legislatif, ngrampungi dominasi Fatah sajeroning 40 taun.
  • Januari-Juli 2008 Kategangan mundhak ing Gaza. Israèl medhot suplai listrik lan gas. Donya nuding Hamas ora kasil ngendhalèkaké tindak kakerasan. PM Palestina Ismail Haniyeh ngotot orea bakal tundhuk.
  • November 2008 Hamas batal mèlu patemon unifikasi Palestina kang dianakaké ing Kairo, Mesir. Serangan roket cilik ing wewengkon Israèl.
  • Serangan Israèl menyang Gaza diwiwiti 26 Dhésèmber 2008. Israèl nglancaraké Operasi Oferet Yetsuka, kang diterusaké serangan udara marang pusat-pusat operasi Hamas. Akèh kurban saka warga sipil.[1]
  • Kakerasan marang bangsa Israèl
  • Kakerasan marang bangsa Palestina
  • Rencana pemisahan dhiri sepihak Israèl
  • Serangan Jabalia mangsa palastra 2004
  • Serangan Israèl menyang Gaza - 2008
Remove ads

Uga delengen

Etnisitas

Agama

Géografi

Panggonan wigati

  • Yerusalem -- Ma'alot -- Hebron -- Betlehem -- Gréja Lair -- Kutha Gaza -- Jenin -- Yerikho

Ideologi lan gagasan

  • Zionisme
  • Pan-Arabisme
  • Nagara Yahudi
  • Usul-usul pambentukan nagara Palestina

Lapuran médhia

  • New Historians
  • Promises, sebuah filem dokumenter yang dinominasi untuk Oscar
  • Laporan médhia tentang konflik Israèl-Palestina
  • Charles Enderlin
  • Muhammed al-Dura

Organisasi lan angkatan bersenjata

  • Angkatan Pertahanan Israèl
  • Gerakan anti Israèl
  • Al-Fatah
  • Hamas
  • Hizbullah
  • Front Rakyat Pembebasan Palestina (FRPP)
  • Yayasan Bantuan dan Pembangunan Tanah Suci
  • Otoritas Palestina
  • Organisasi Pembebasan Palestina (PLO)
  • Jihad Islami Palestina

Tokoh

Israèl

Palestina

  • Mahmud Abbas -- Hanan Ashrawi -- Yasser Arafat -- Marwan Barghouti -- Haj Amin Al-Husseini -- Dalal Mughrabi -- Nabil Shaath -- Ahmed Shukairy -- Syekh Ahmed Yassin -- Ahmed Qurei

Lainnya

Konflik-konflik kagandhèng

Remove ads

Réferènsi

Wacan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads