September 2008
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
24 September - Prodhuk susu lan pangan saka China ditarik saka édaran amarga ngandhut melamina. (sumber)
23 - Ing Finlan, siji murid sakolah némbak-némbaki kancané lan sawisé iku bunuh diri. Pituwasé ana 10 kurban jiwa. (sumber)
20 - Sawijining truk isi bom njalari siji bom gedhé njeblug ing Hotèl Marriott, Islamabad, Pakistan, lan niwasaké minimal 53 jiwa, ing antaré Duta Agung Céko ing Pakistan. (sumber)
20 - Présidhèn Afrika Kidul, Thabo Mbeki, setuju mundur saka kalungguhan amrga tansaya kuwaté tekanan saka para pendhukung saingané, Jacob Zuma. (sumber)
20 - Para ngèlmuwan Ruslan nemu patilasané kutha krajan kaum Khazar. (sumber)
13 - Habib Rizieq-Munarman dituntut (sumber)
10 - Sawijining kucing sing wis ilang 9 taun bali manèh marang ndarané. (sumber)
6 - Parlemen Pakistan milih Asif Ali Zardari (Parté Rakyat Pakistan), dudha almarhumah mantan Mahamantri Pakistan Benazir Bhutto, minangka Présidhèn Pakistan.(sumber)
1 - Mahamantri Jepang, Yasuo Fukuda nyatakaké mundur saka kalungguhan.(sumber)
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads