September 2009

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Prastawa

30 September-Wonten lindhu 7,6-7,9 SR ing tlatah Sumatra Kulon, nanging boten potènsi tsunami. Karaos ngantos sapulo Sumatra, Malaysia, lan Singapura. (sumber)

30-Lindhu ingkang dumados ing Samoa ndamel kawontenan gelombang tsunami ingkang mejahi sakedhikipun 100 jiwa tiwas. (sumber)

21-Acara open house lan pangaduman sembako ing griyanipun Gubernur DKI Jakarta Fauzi Bowo dados ndamel gendra lan mbekta kurban tatu-tatu. (sumber)

20-Chris John tetep dados juwara donya kelas bulu WBA sasampunipun mimpang kanthi kamenangan angka mutlak saking Rocky Juarez (sumber)

Thumb
Kupat Lebaran

19-Departemen Agama netepaken Dinten Riyaya Idul Fitri 1 Syawal 1430 H dhawah dinten Ngaat, 20 September 2009. (sumber)

17-Pulisi Républik Indonésia mejahi téroris 4 jiwa ing sacelaking kitha Surakarta. Salah satunggaling téroris ingkang pejah dipunkinten Noordin Top, téroris asal Malaysia. (sumber)

14-Patrick Swayze, satunggiling bintang filem Amérikah Sarékat ingkang misuwur déning filem Dirty Dancing, tilar donya mawi yuswa 57 warsa. (sumber)

13-Film Israèl Lebanon saged mimpangaken fèstival filem ing Venezia ingkang kaping 66. Film punika kaanggep kontrovèrsial ing nagaranipun piyambak awit ngritik perang. (sumber)

7-Pesawat Nomad CN 22 No. P837 dhawah ing Bulungan Kalimantan Wétan. Sekawan panumpangipun tiwas, lan gangsal cidra awrat. (sumber)

3-Giancarlo Fisichella wusananipun resmi dipuntarik déning tim Ferrari saking tim Force India dados pembalap Ferrari ngantos pungkasan mangsa Formula 1 2009. (sumber)

2-Lindhu kakiyatan 7,3 SR ngguncang Jawi Kilèn lan karaos dumugi Bali, Yogyakarta, lan Jakarta. Punjer lindhu dunungipun watawis 142 km sisih kidul-kilèn kitha Tasikmalaya. (sumber)

Remove ads

Ugi pirsani

Katerangan liyané Dasawarsa, Taun : ...
Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads