Slenthem

ricikan gamelan From Wikipedia, the free encyclopedia

Slenthem
Remove ads

Slenthem iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon kang fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo ngetokaké gema swarané.

Thumb
Slenthem

Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu kulawarga gendér; utawa dijenengi gendèr panembung. Nanging slenthem duwèni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling ngisor yèn ing golongan instrumèn saron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainaké lagu balungan karo wilah kang winates.

Remove ads

Wujud

Wujud slenthem iki mèh padha karo gendèr. Nanging wilahé luwih gedhé tinimbang gendèr. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesi kang duwé titilaras.[1] Lémpéngan iki dumadi kanthi resonansi pring kanggo mbanteraké swara.[1] Nanging uga ana wujud slenthem liyané, yaiku kaya slenthem kang lumrah, mung waé ing tengahing wilahan nganggo pencon, déné tabuhé ora béda kaya tabuh bonang. Slenthem kang mangkono iku lumrahé kagawé saka wesi.

Remove ads

Swara

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads