Stamford Raffles

From Wikipedia, the free encyclopedia

Stamford Raffles
Remove ads

Sir Thomas Stamford Bingley Raffles (lair 6 Juli 1781  pati 5 Juli 1826 ing umur 44 taun) punika Gubernur-Jendral Hindia-Walanda ingkang paling ageng. Panjenenganipun punika satunggiling warganagari Inggris. Panjenenganipun dipuntélakaaken ugi minangka pangadeg kutha lan nagari kutha Singapura. Panjenenganipun kalebet tiyang Inggris ingkang paling dipuntepangi minangka pangrita karajan paling ageng ing donya.

Sunyata Rikat Sir Thomas Stamford Bingley Raffles, Lair ...
Remove ads

Raffles ing Inggris

Ing Inggris Raffles ugi wujud pangadeg lan ketua pisanan Zoological Society of London. Raffles dipundadadosaken satunggiling bangsawan nalika taun 1817.

Panjenenganipun tilar donya sadinten sadèrèngipun ambal warsanipun ingkang kaping 45, tanggal 5 Juli 1826, amargi apoplexy utawi stroke. Amargi pangadegipun ingkang nentang perbudakan, kulawarganipun boten dipunidinaken nyarèaken ing pekarangan gréja mriku (St. Mary's, Hendon). Larangan punika dipunwedalaken pandhita gréja punika, ingkang kulawarganipun mundhut kauntungan saking perdagangan buruh. Nalika gréja punika dipunwiyaraken taun 1920-an, pasaréyanipun dipunlebetaken ing pérangan bangunanipun.

Remove ads

Raffles ing Singapura

Ing Singapura, nama Raffles kathah dipunanggé: Raffles Junior College, Raffles Institution, Raffles Girls' School, Raffles Girls' Primary School, Raffles Hotèl, Stamford Road, Stamford House, Raffles City, stasiun MRT Raffles Place, kelas Raffles ing montor mabur Singapore Airlines lan Musiyum Panlitèn Kaanekaragaman Hayati Raffles.

Rafflesia

Nami Raffles ugi dipunanggé minangka nama satunggiling génus saking saklompok tetuwuhan parasit obligat, Rafflesia, kanggé ngurmati jasa-jasanipun. Salah satunggil jenissipun gadhah kembang sajati paling ageng ing donya: padma raksasa utawi Rafflesia arnoldi ingkang dados salah satunggil saking kembang nasional Indonésia.

​​ Jeneng ing Aksara Jawa

Panulisan jeneng Stamford Raffles in Aksara Jawa wonten werna-werna, punjul saka 20 macem.[1] Iki disebabke wong-wong duwe interpretasi dhewe-dhewe mawa transliterasine. Bab iki dadi penelitian kepriye bakune transliterasi jeneng saliyane Jawa (utamanipun Eropah) menyang Aksara Jawa.

Ugi pirsani

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads