UNIFIL

From Wikipedia, the free encyclopedia

UNIFIL
Remove ads

United Nations Interim Force in Lebanon, utawa UNIFIL, diwangun déning Perserikatan Bangsa-Bangsa, kanthi Resolusi Dewan Keamanan PBB 425 lan 426 tanggal 19 Maret 19, 1978, kanggo mesthèkaké pemunduran wadyabala Israèl saka Lebanon, ndandani kedamaian lan keamanan international, lan mbantu Pamaréntah Lebanon mbenakaké kakuwasané.[1] Pasukan UNIFIL kang pisanan teka ing Libanon tanggal 23 Maret, 1978; wadyabala iki dialihaké saka operasi PBB liyané kang tugas ing tlatah saubengé (mligi saka UNEF lan UNDOF).[1]

Thumb
Markas UNIFIL, ing taun 1981
Thumb
UNIFIL Deployment Augustus 2011
Thumb
UNIFIL Sisu Pasi ing salju, cerak tapel wates Israèl ing Lebanon Kidul, 1998

Sajeroning Perang Libanon 1982, posisi PBB diserbu mligi déning wadyabala de facto kang dibawahi Saad Haddad. Pasukan iki minangka wadyabala asli Libanon kang dibantu déning Angkatan Pertahanan Israèl IDF.[2] Sajeroning mangsa pendhudhukan, fungsi UNIFIL mligi mung nyedhiakaké bantuan kamanungsan.[2] Wiwit taun 1985, Israèl ngurangi (scaled back) posisi tetepé ing Libanon, sanajan prosess iki ditandai nganggo serangan-serangan kilat lan pemboman, kaya déné ing Operasi Tanggung Jawab taun 1993 lan Operasi Murka taun 1996. Ing taun 1999, Israèl mundur total, kang rampung ing taun 2000 lan marakaké UNIFIL nuli bisa minangka tugas-tugas militeré. Pamaréntah Libanon nyatakaké yèn tlatah Shebaa farms minangka teritori Libanon,sanajan PBB nganggep iku ing njabané wewengkon Libanon. Pamaréntah Libanon nganggep yèn dhébat bab iki mènèhi (hak) kanggo sanksi hukum tumrap kelompok bersenjata anti-Israèli ing Libanon (sanajan PBB kanthi resmi nyatakaké yèn Israèl wis mundur kabèh saka tlatah kang dikuwasani sawisé perang 1973). Dewan Keamanan PBB wis merlèng (memperpanjang) mandat UNIFIL nganti tanggal 31Agustus, 2008.[3]

Remove ads

Mandat

UNIFIL ditugasi kanggo nggayuh sasaran-sasaran:

  • Mesthèkaké pemunduran wadyabala Israèl saka Libanon kidul
  • Mulihaké perdamaian lan keamanan international
  • Bantu Pamaréntah Libanon kanggo mbenakaké kakuwasané

Mandat mau dhedhasar resolusi PBB:





Remove ads

Nagara Penyumbang Pasukan

Nagara-nagara mau ing ngisor iki mèlu nyumbang wadyabala aktif, utawa mènèhi rupa-rupa bantuan. Nagara kanthi aksara kandel minangka péranganing wadyabala UNIFIL kang wiwitan/asli.

Katerangan liyané Nagara, kakuwatan Pasukan (kira-kira*) ...

* Cacah kang bener durung bisa dikonfirmasi.

Remove ads

Pemimpin UNIFIL

Utusan Sekretaris Jendral PBB kanggo Libanon Kidul

Katerangan liyané Wiwit, Nganti ...

Komandan Pasukan

Katerangan liyané Wiwit, Nganti ...

Komandan Gugus Tugas Maritim

Katerangan liyané Wiwit, Nganti ...


Cathetan

Uga delengen

Sumber

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads