From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Révolusi Amérika Sarékat (1775–1783), Pérang Kamardikan Amérika Sarékat,[8] utawa gur Perang Revolusi ing nagara Amérika Sarékat, awalé minangka salah sawijining perang antarané Karajan Karajan Manunggal lan Amérika Sarékat sing lagi ngadek, nanging kanthi alon-alon dadi perang global antarané Karajan Manunggal ing siji pérangan lan Amérika Sarékat, Prancis, Walanda, lan Spanyol ing pérangan liyané. Perang iki dimenangaké déning Amérika Sarékat kanthi kasil sing campur karo kakuwatan liyané.
Perang Revolusi Amérika Sarékat | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Saarah pandom jam saka kiwa terus nduwur: Paprangan Bunker Hill, Matine Montgomery di Quebec, Paprangan Cowpens, "Moonlight Battle" | |||||||||
| |||||||||
Péhak kang perang | |||||||||
Amérika Sarékat |
Karajan Karajan Manunggal
Onondaga | ||||||||
Pangarep | |||||||||
George Washington Nathanael Greene Horatio Gates Richard Montgomery- † Daniel Morgan Henry Knox Benedict Arnold (Defected) Friedrich Wilhelm von Steuben Marquis de La Fayette Comte de Rochambeau Comte de Grasse Duc de Crillon Bailli de Suffren ...full list |
Lord North Sir William Howe Thomas Gage Henry Clinton (Perang Kamardikan Amérika Sarékat) Lord Cornwallis # Sir Guy Carleton John Burgoyne # Benedict Arnold George Rodney Richard Howe Wilhelm von Knyphausen Joseph Brant ...full list | ||||||||
Kakuwatan | |||||||||
Pucuk: |
Pucuk: | ||||||||
Kurban | |||||||||
Amérika Sarékat: 25.000 tewas
Jumlah kurban Amérika Sarékat: 50.000 mati lan padha luka[7] Sakuthu: 6.000± wadya Prancis lan Spanyol (ing Éropa) 2.000 wadya Prancis (ing Amérika) |
20.000± wadya Angkatan Darat Karajan Manunggal tewas lan padha luka
19.740 pelaut mati [3] |
Perang iki minangka akibat saka Revolusi Amérika Sarékat. Para kolonis bangkit amarga Undang-Undang Stempel 1765 sing tinemu déning parlemèn Karajan Manunggal sing dudu konstitusional. Parlemèn Karajan Manunggal negasaké manawa panjenengané nduwé hak kanggo nglakokaké pajeg kanggo para kolonis. Kolonis ngeklaim manawa amarga panjenengané penduduk Karajan Manunggal, nolak pajeg tanpa perwakilan rakyat dianggep ilegal. Kolonis Amérika Sarékat minangka Konggrès Kontinental sing dadi siji lan pamaréntahan bayangan ing saben-saben koloni, sanadyan ing awalé isih setia karo Raja. Boikoté Amérika Sarékat karo tèh Karajan Manunggal sing kena pajeg nyurung kadadeyané prastawa Pista Teh Boston taun 1773, sing rusaké momotan teh kapal Karajan Manunggal. London nanggepiné kanthi mandekaké pamaréntahan swatantra ing Massachusetts lan ndelehné ing ngisor kendali prajurit Karajan Manunggal karo Jenderal Thomas Gage minangka gubernuré. Ing wulan April 1775, Gage mudeng manawa senjata lagi dikumpulaké ing Concord, Massachusetts, lan panjenengané ngirimaké wadya Karajan Manunggal kanggo ngrampas lan ngrusak senjata iku mau.[9] Milisi lokal nglawan para wadya lan tembak-tembakan (ndeleng Paprangan Lexington lan Concord). Sawisé bola bali njaluk karo ratu Karajan Manunggal mèlu nimbrung ing parlemèn, kabèh putusan damai mandek nalika Proklamasi Pemberontakan lumantar dekrit ratu, lan penjenengané nanggepiné nganggo Deklarasi Kamardikan salah sijining bangsa sing didaulat anyar, Amérika Sarékat, ing tanggal 4 Juli 1776. Bangsa Loyalis Amérika Sarékat nolak Deklarasi iki lan mihak karo Raja; panjenengané diguwak saka kekuasaan ing ngendi-ngendi papan. Upaya Amérika Sarékat kanggo njembaraké pamberontakan iki tekan Provinsi Quebec lan Florida nanging ora kasil.
Karajan Prancis, Karajan Spanyol, lan Walanda meneng-meneng mènèhi Aliansi Prancis-Amérika Sarékat ya iku wujud amunisi lan senjata karo kaum revolusioner diwiwiti taun 1776. Ing Juni 1776, Amérika Sarékat weés kasil ngendalèkaké saben praja kanthi rata, nanging salanjuté Angkatan Laut Karajan Karajan Manunggal nyerang New York City lan ndadèkaké pangkalan utama penjenengané. Perang iki bola-bali ngalami kadadèan buntu. Angkatan Laut kraton wés nyerang kutha-kutha pasisir liyané ing wektu sedéla, nanging pambrontak ngendalekaké wewengkon désa sing dipanggoni 90 persèn populasi AS. Strategi Karajan Manunggal gumantung ing mobilisasi milisi Loyalis lan ora naté bisa kadadéan. Serangan Karajan Manunggal saka Kanada ing taun 1777 rampung kanthi kalahe prajurit Karajan Manunggal ing Paprangan Saratoga. Kamenangan Amérika Sarékat iki nyurung Prancis lumebu perang kanthi kebukak ing awal 1778, saingga ngimbangaké kakuwatan militèr ing antarané rong pihak. Spanyol lan Walanda—sekuthu Prancis—uga perang karo Karajan Manunggal sasuwené petang taun salanjuté, ngancem invasi ing Karajan Manunggal lan nguji kakuwatan militeré Karajan Manunggal kanthi kegiyatan kampanye ing Éropa. Melu-melune Spanyol ing Perang Revolusi Amérika Sarékat ujung-ujungé ing munduré prajurit Karajan Manunggal saka Florida Kulon, saingga ngamanaké wewengkon kidul Amérika Sarékat. Kamenangan mutlak wadya lautan Karajan Manunggal ing Paprangan Saintes nggagalaké rencana Prancis lan Spanyol kanggo ngusir Karajan Manunggal saka Karibia, lan upaya gabungan Prancis-Spanyol kanggo nduduki pertahanan Karajan Manunggal ing Gibraltar uga rampungé kanthi kalah sing padha.
Anggoné mèlu nagara Prancis kabukti wés kasil [10] sanadyan larang, saingga nggawe gègèr ékonomi Prancis lan nyurung nagara iki ing jurang utang sing gedhé.[11] Kamenangan wadya lautan Prancis ing Chesapeake ujung-ujungé pengepungan déning prajurit gabungan Prancis lan Kontinental sing meksa prajurit Karajan Manunggal kaloro nyerah ing Yorktown, Virginia taun 1781. Paprangan terus nglanjut sasuwené taun 1782, sawatara perundingan perdamaian diwiwiti.
Ing taun 1783, Traktat Paris (1783) mungkasi perang lan ngakui kedaulatan Amérika Sarékat saka teritori sing kanthi kasar dikelilingi déning wewengkon sing saiki dadi Kanada ing lor, Florida ing kidul, lan kali Mississippi ing kulon.[12][13] Prastawa damai iki ing tingkat internasional disetujui lan dibarengi karo ijol-ijolan laladan teritori.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.