From Wikipedia, the free encyclopedia
Tel Aviv (Ibrani: תל אביב-יפו; Arab: تل ابيب-يافا Tal Abīb-Yāfā) iku satunggiling kutha ing Israèl. Tel Aviv pernahé ing pasisir Sagara Tengah. Sing ndunungi kurang luwih 405.000 jiwa, nanging ing laladan Tel Aviv Raya kurang luwih 3,850,100 jiwa. Kutha iki saiki dadi siji karo Jaffa dadi kutha kembar Tel Aviv-Yafo. Kutha Tel Aviv iki kanthi de facto minangka kutha krajan Israèl. Sanajan Israèl wis minadhaké menyang Yerusalem nanging mung sethithik nagara sing ngakoni. Amerga saka iku, Yerusalem isih dadi kutha krajan de jure Israèl, mula akèh Kadutan Gedhé nagara-nagara ngamanca kantoré ana ing kutha iki.
Ing sasi Juli 2003, pusat kutha Tel Aviv dikukuhaké déning UNESCO minangka salah siji Situs Warisan Donya, amarga arsitèkturé kanthi gaya Bauhaus.
Kutha kosmopolitan iki uga duwé komunitas Arab (Palestina) sing cukup akèh sing manggon ing tlatah Jaffa.
Tel Aviv duwé program kutha kembar karo 27 kutha lan kekancan (partnership) karo kutha Los Angeles, California, USA:[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.