Abu-Mahmud Khojandi

From Wikipedia, the free encyclopedia

Abu-Mahmud Khojandi
Remove ads

Abu Mahmud Hamid ibn Khidr Khojandi (ingkang ugi dipunmangertosi minangka Abu Mahmood Khojandi, Alkhujandi utawi al-Khujandi, lan ing basa Pèrsi dipunsebat: ابومحمود خجندی, ingkang miyos ing taun 940 nan lan séda ing taun 1000 nan) inggih punika satunggaling astronom Islam saking Pèrsin lan ilmuwan matematika ingkang gesang ing pungkasaning abad kaping 10 lan ugi mbiyantu kanggé yasa satunggaling observatorium, caket kaliyan kitha Ray, Iran (ingkang sapunika caket kaliyan kitha Tehran) wonten ing Iran. Al Khujandi inggih miyos wonten ing kitha Khujand; lan wonten ugi dipunyasa patung prunggu astrom wonten ing satunggaling taman ing jaman modhèren Khujand, ingkang sapunika minangka péranganing kitha Tajikistan.

Thumb
teorema matematika

Sapérangan fakta ngengingi gesangipun Khujandi ingkang dipunmangertosi dhateng saking pengalaman nyeratipun kados saking komentator ingkang dipundamel déning Nassereddin Tusi. Saking panyaruwenipun Tusi punika nedahaken sanget bilih Khujandi inggih punika salah satunggaling pandhega ing suku Mongol wonten ing laladan pamarèntahanipun Khudzhand.[1]

Remove ads

Astronomi

Wonten ing astronomi Islam, Khujandi inggih makarya wonten ing sak ngandhaping pamarèntahanipun khalifah Buwayhid Amirs wonten ing observatorium caket kaliyan Ray, Iran, wondene ing papan punika piyambakipun inggih dipunmangertosi kanggé damel konstruksi yasan mural sextant astronomi ingkang ageng sepisanan ing taun 994 Masehi, ingkang ancasipun inggih kanggé nemtokaken miringipun sumbu Bumi ("kemiringan saking ekliptika") kanggé posisi ingkang inggil.

Piyambakipun inggih nemtokaken miringipun sumbu bumi dados 23°32'19" ing taun 994 Masehi. Piyambakipun nyatet asiling pengukuranipun déning para astronom saderengipun sampun manggihaken titik sumbu miringipun ingkang langkung inggil inggih punika saking tiyang India: 24°; Ptolemy 23° 51' lan kanthi makaten kapanggih bilih titik miringipun aksial punika boten konstan nanging sajatosipun titik miringipun sapunika inggih sampun mandhap. Ukuranipun sumbu kemiringanipun inggih namung udakawis 2 menit ingkang langkung alit, ingkang bok bilih punika dipunjalari amargi piranti ingkang dipun-ginakaken kanggé ngamati objekipun ingkang béda.[1][2]

Remove ads

Matematika

Wonten ing matematika Islam, piyambakipun ngandharaken kasus mirunggan saking Teorema kaping pungkasan Fermat kanggé n = 3, nanging bukti pacobanipun bab teorema punika inggih klentu. Hukum sinus kasus # Spherical (hukum bola sinus) bok bilih ugi sampun kapanggih déning Khujandi, nanging boten mesti punapa piyambakipun inggih ingkang manggihaken ingkang sapisan, utawi punapa Abu Nasr Mansur, Abul Wafa utawi Nasir al-Din al-Tusi ingkang manggihaken teorema punika ingkang manggihaken langkung rumiyin.[3][4]

Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads