Drupada

From Wikipedia, the free encyclopedia

Drupada
Remove ads

Drupada (Sanskerta: द्रुपद; Drupada), utawa kerep uga karan Yadnyasena (Sanskerta: यज्ञसेन; Yajñasena), iku raja Karajan Pancala sajeroning wiracarita Mahabharata. Samangsa anom Drupada kekancan karo Drona, guru para Pandhawa lan Korawa. Nanging kekancan mau banjur owah dadi mungsuhan saéngga wusanané Drupada tiwas déning Drona sajeroning perang gedé ing Kurukshetra utawa Bharatayudha.

Drupada
Thumb
Drupada wayang gagrag Surakarta.
Déwanagari:द्रुपद
Aksara Jawa:ꦥꦿꦧꦸꦢ꧀ꦫꦸꦥꦢ
Éjaan Sanskerta:Drupada
Jeneng liya:Prabu Yadnyasena, Raden Sucitra
Asal:Keraton Atasangin
Sisihan:Dewi Gandawati
Remove ads

Mangsa nom-noman

Drupada iku putra saka Prisata, raja Pancala. Nalika isih timur sinau bebarengan karo Drona, sawijining brahmana mlarat putra Baradwaja. Kaloroné kekancan akrab. Malah Drupada janji yèn djadi raja nggantèkaké bapaké, Drona bakal diwènèhi sapérangan tlatah Pancala.

Drupada pungkasané bener-bener dadi raja Pancala sapungkuré bapaké. Sauntara iku, Drona nikah karo Krepi adik putri Krepa, sawijining brahmana ing Krajan Kuru utawa Hastinapura.

Remove ads

Uga delengen

Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads