Gendari
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Dèwi Gendari utawa Gandari ing carita Mahabharata iku putri Prabu Keswara. Putri iki seduluré Arya Sangkuni. Dèwi Gendari iku ibuné Korawa lan uga bojoné Prabu Dretarastra.
Gandari | |
![]() Kunti membimbing Gandari (bertutup mata) dan Dretarastra saat mengasingkan diri di hutan | |
Déwanagari: | गांधारी |
Asal: | Karajan Gandhara |
Sisihan: | Dretarastra |
Gandari nglairaké satus anak, kang diarani Korawa,lan anak wadon jenengé Dursala kang dhaup karo Jayadrata. Nalika ngandhut, Gendari iri marang Sinta kang wis duwé anak, nanging dhèwèké durung nduwé anak. Nalika anaké lair, jebul sing metu dudu bayi, nanging daging. Gandari banjur sujud ing resi Abiyasa, resi kang wis tau ngramal yèn dhèwèké bakal duwé anak cacahé 100. Abiyasa banjur ngethoki daging mau dadi 100, lan dilebokaké ing jero guci lan dikubur suwéné setaun. Sawisé setaun banjur guci mau dibongkar, saben kethokan daging mau dadi anak, banjur diarani Korawa.
Ing antarané Korawa, kang kawentar yaiku Duryodana lan Dursasana, paraga antagonis ing Mahabharata, lan tumeka pati ing perang nglawan Pandawa ing Kurukshetra.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads