Mimbar

From Wikipedia, the free encyclopedia

Mimbar
Remove ads

Mimbar (Basa Arab: منبر, iku sawijining panggonan ing masjid kanggo Imam ngadeg lan mènèhi (kutbah خطبه). Mimbar lumrahé awangun mèmper menara cilik kanthi undhak-undhakan lan lumrahé dipaèsi nganggo ornamèn kang éndah,nanging akèh uga kang prasaja banget awujud panggung cilik nganggo trap utawa tlundhakan. Mimbar dumunug ana ing sisih tengené mihrab, cekungan panggonan imam mimpin salat jamaah madhep kéblat ing sajeroning masjid.

Sunyata Rikat
Thumb
Minbar in the Ortaköy mosque in Istanbul.

Ing sawatara masjid, uga ana papan kusus kanggo muazin ing sakmburiné mimbar, minangka panggonan muazin sajeroning ngayahi ibadat. Muazin iku tugasé ngumandhangaké adan lan nyerokaké wangsulan tumrap apa kang diwaca déning Imam. Imam jumeneng ana ing mimbar nalika mènèhi kutbah ing Salat Jumat, Salat Idul Fitri lan Salat Idul Adha. Amarga panggonané rada didhuwuraké, saka mimbar mau Imam bisa luwih gampang mirsani (lan dideleng) jamaahé. Imam kudu manggon ana ing trap kang paling dhuwur nyonto apa kang tuladha Muhammad.SAW Ing agama liya, mimbar uga dipigunakaké ing gréja-gréja minangka panggonan kanggo mimpin ibadat ing agama kristen.

Remove ads

Deleng uga

Pranala njaba


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads