Pasa (Islam)
salah sawijining ibadah umat Islam From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Pasa (Basa Arab: صوم, transliterasi: Sauwm) iku arti basané ngampet. Pasa manut basa yaiku "ngampet utawa cegah ing samubarang". Manut istilah agama Islam kang diarani pasa iku cegah memangan, ngombé, lan prakara-prakara kang mbatalaké pasa iku wiwit wektu fajar nganti angsluping srengéngé. Dhawuhing pasa didhawuhaké déning Allah sinebut ing Kuran surat Al-Baqarah ayat kaping 183. Pasa minangka salah sawiji saka limang Rukun Islam. Ana pasa wajib lan pasa sunnah, nanging carane nglakoni tetep padha.

Wektu kang den haramake pasa yakuwi wektu nalika umat Muslim dipenging utawa dipenggak (ora dikeparengake) pasa. Hikmahe utawa tujune supaya kabèh wong padha bungah mèlu mangayubagya bebarengan. Dene wektu kang ora dikeparengake nindakake pasa yaiku:
- Dina Riyaya Syawal utawa Idul Fitri (1 Syawal).
- Dina Riyaya Besar utawa Idul Adha (10 Zulhijjah).
- Dina-dina Tasyrik (11, 12, lan 13 Zulhijjah).
Remove ads
Dhawuh sajeroning Al-Quran
Préntah pasa saka Allah kababar anêng sajeroning Kuran surat Al-Baqarah ayat 183.
َيَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Yaa ayyuhaladziina aamanuu kutiba alaikumus siyaamu kamaa kutiba 'alalladziina min qablikum la allakum tataquun' " Hé wong-wong kang padha iman, wis diwajibaké tumrap sira kabeh nindakake pasa kaya déné kang wis diwajibaké marang umat-umat sadurungé sira, supaya sira dadi wong kang taqwa." |
Remove ads
Hikmahe Pasa
Ibadah pasa utawa shaum Ramadhan kang diwajibaké Allah marang kabèh wong kangmukmin yakuwi ngibadah kang ditujokaké kanggo ngawula marang Allah kaya kang kababar ing Quran Surah Al-Baqarah ayat kaping 183. Hikmah ngibadah shaum iku yakuwi minangka gladhen utawa nglatih manungsa kanggo sabar sajeroning nglakoni urip. Tegesé sabar kang kapacak ing Kuran yakuwi ‘gigih lan ulet’ kaya kang dimaksudaké sajeroning Quran Surah Ali ‘Imran ayat kaping146.
- Kanggo sinau gladhèn cipta:
- Sinau supaya bisa nguwasani awaké dhéwé.
- Sinau ngampet hawa nepsu.
- Gladhi anggone sabar.
- Kanggo sinau urip ing masarakat
Wong kang pasa iku sejatine sinau ngrasakaké susah uripé wong kang ora nduwé, luwé, lan sarwa kurang. Saka ngertèni kepriyé uripé wong rekasa bisa nggawé sipat wong kang pasa seneng tulung-tinilung marang sapa waé.
- Kanggo kasarasan badan utawa keséhatan
Ing surat Al-A'Raaf ayat 31 sinebut:
He anak Adam, nganggowa sandhanganmu kang endah saben sira (ngleboni) masjid, memangan lan ngombeya sira, lan aja akeh-akeh (anggonira mangan lan ngombe). Satemene Allah ora seneng marang wong-wong kang dhemen kakehan (ing samubarang)
Remove ads
Sacara Aktivitas
Aji-ajining kesabaran (yaiku gigih lan ulet) diaplikasèkaké utawa diamalake sajeroning urip padinan kanggo njejegake Dinul Islam.
Jinis-jinising Pasa
- Pasa kang ukumé wajib (ora kena ditinggalake):
- Pasa Ramadhan: pasa wajib kang dilakoni ing sasi Ramelan/Ramadhan suwene sesasi nutuk.
- Pasa Nazar utawa janji: pasa amarga janji/nazar babagan kabecikan kang sejatine ora wajib, nanging sawise dinazarake/dijanjekake dadi wajib dilakoni.
- Pasa kifarat utawa dhendha: pasa kanggo ngilangi dosa amarga pakaryane nglanggar larangan kang diharamake Gusti Allah.
- Pasa kang hukumé sunnah, kayata:
- Pasa 6 dina ing sasi Sawal.
- Pasa Sura: 10 Sura/Muharram.
- Pasa Arafah.
- Pasa Senèn-Kemis.
- Pasa Daud (sadina pasa, sadina ora utawa pasa selang-seling).
- Pasa saben sasi Qomariyah utawa pasa tengahan sasi (yaiku tanggal 13, 14, lan 15 pananggalan Hijriyah).
Remove ads
Sarat wajib pasa
- Islam.
- Sehat nalare/akale.
- Baligh (diwasa).
- Kuwawa / kuwat pasa.
- Manggon (mukim), tegese ora lagi lelungan / safar.
Syarat sah pasa
- Niat.
- Islam.
- Mumayiz.
- Suci saka nggarap sari lan nifas.
- Ora pasa ing dina kang ora diolehake pasa.
Rukun pasa
- Niat pasa.
- Ninggalaké kabèh kang mbatalaké pasa wiwit fajar nganti srengéngé angslup.
Wektu karam pasa
Umat Islam diharamaké pasa ing wektu-wektu iki:
- Dina Riyaya Idul Fitri (1 Syawal).
- Dina Riyaya Idul Adha (10 Zulhijjah).
- Dina-dina Tasyrik (11, 12, dan 13 Zulhijjah)
- Dina Syak (30 Syaban/ruwah)
- Pasa terus-terusan
Bab kang mbatalaké pasa
Pasa batal yèn;
- Lumebu sawenèh barang (kaya déné sega, banyu, kebul udud lan sapanunggalané kalebu uga mangan lan ngombe) sajeroning gronggongan awak kanthi disengaja.
- Muntah kanthi disengaja.
- Saresmi utawa cumbana ing wayah awan.
- Metu mani utawa kama korut (Istimna' ) kanthi disengaja.
- Haid lan Nifas (nglairaké jabang bayi)
- Ilang akal budine (édan utawa semaput).
- Murtad (metu saka agama Islam).
Saliyane ninggalake perkara-perkara kang mbatalake pasa, wong kang pasa uga kudu cegah utawa ngampet awake saka perkara-perkara kang bisa ngilangake ganjarane pasa, yaiku: nesu, ngapusi/cidra, nyolong, mitenah liyan, adu-adu utawa tumbak cucukan, ndelok perkara kang anjalari gumregahing nepsu syahwat, nyritakake warta apus apusan lan ala (warta kang ora bener), uga ndeleng wong wadon kanthi timbul rasa syahwat.
Wong kang diparengake ora nindakake pasa
Ing ngisor iki wong kang olèh ninggal pasa wajib (pasa Ramadhan)
- 1 Sing wajib qadha' (ganti ing dina liya) waé*
Wong-wong kang mau ing ngisor iki, olèh ora pasa, nanging wajib qadha', tegesé wajib ngganti pasané ing dina liya saliyané sasi Ramadhan, padha karo cacahé dina kang ditinggalaké. Yaiku:
- Wong kang lara, kang isih nduweni pangarep-arep bakal bisa mari saka lelarané.
- Wong kang lelungan adoh (musafir) aora-orané 81 km.
- Wong kang ngandhut, kang kuwatir marang kahanané dhewe utawa kahanan bayi kang dikandhut yèn dheweké pasa.
- Wong kang pinuju nusoni anak, kang kuwatir marang kaanan anaké.
- Wong kang pinuju haid, nglairaké anak, lan nifas.
- Wong kang batal pasané amarga sabab kang mbatalaké pasa saliyané saresmi.
- 2 Sing ora wajib qadha', nanging wajib fidyah*
Wong-wong ing ngisor iki ora wajib qadha' (ngganti pasa ing dina liya), nanging wajib mbayar fidyah, yaiku mènèhi mangan wong mlarat akehe saben dina nalika dhéwéké ora pasa, wujud bahan panganan pokok akèhé 1 mud (576 gram).
- Wong kang lara kang wis ora nduwe pagarep-arep bakal mari saka lelarane.
- Wong sing wis sepuh kang wis ora kuwat maneh nindakake pasa.
Sing wajib nglakoni qadha' lan mbayar Kifarat
Wong kang mbatalaké pasa wajib kanthi nindakake saresmi ing wayah awan sasi Ramadhan, wajib mbayar kifarat lan qadha'. Kifarat yaiku mardikakaké hamba sahaya utawa batur kang mukmin. Yèn ora ana hamba sahaya kang mukmin mula wajib pasa rong sasi maturut-turut (saliyané qadha' ngganti dina kang ditinggalaké), Yèn ora bisa, wajib mènèhi mangan 60 wong mlarat, saben wong 1 mud (576 g) wujud bahan panganan pokok.
Remove ads
Sing luwih utama nalika lelungan
- Tetep pasa yèn kuwat.
- Buka pasa yèn ora kuwat.
- Milih antara tetep pasa utawa buka pasa.
Tatarane Wong Pasa
Imam Abu Hamid al-Ghazali sajeroning buku anggitane, Ihya al-'Ulumuddin wis mérang pasa sajeroning 3 tataran:
- Pasané wong awam (shaum al-'umum): ngampet utawa cegah dhiri saka prakara-prakara kang mbatalaké pasa kayata mangan lan ngombé.
- Pasané wong mirunggan (shaum al-khushus): Saliyané nahan dhiri saka prakara kang mbatalaké pasa uga mèlu pasa saka pancandriyane lan sakabehing badane saka tumindak dosa.
- Pasané wong istiméwa, super mirunggan (shaum khushushul khushus): Saliyané nahan dhiri saka prakara kang mbatalaké pasa lan uga pasa saka pancandriyane lan badane saka dosa uga mèlu pasa 'ati nurani', yaiku ora mikir kadonyan
Pamérangan ing dhuwur mènèhi umat Islam ruwang utawa srana kanggo mikir lan nliti kanthi permati wis tataran ngendi dheweké nindakake pasané.
Deleng uga
- Islam
- Wektu karam pasa
Pranala njaba
- Kategori Puasa Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.
- Hadis Nabi tentang Puasa Archived 2009-06-22 at the Wayback Machine.
- Ibadah Puasa
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
![]() | Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads