Salat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Salat (basa Arab = صلاة) iku salah siji ritual ibadat agama Islam. Miturut basa, salat asal saka basa Arab kang tegesé: "donga". Déné miturut istilah, salat tegesé rerangkèn kagiyatan ngibadah mirunggan utawa tartamtu kang diwiwiti kanthi takbiratul ikram lan dipungkasi kanthi salam. Praktèk salat kudu rujuk karo pituduh tata cara Rasulullah minangka pangéjawantahan préntah Allah. Rasulullah maringi sabda, Salat-a kowé kabèh padha karo apa kang mbok deleng tak lakoni (Kadis Riwayat Bukhari-Muslim).


Remove ads
Hukum Salat

Hukum salat bisa digolongaké mangkéné:
- Fardhu, Salat fardhu iku salat kang wajib. Salat Fardhu kapérang manèh dadi loro, yaiku:
- Fardhu ‘Ain: iku kawajiban kang diwajibaké tumrap mukallaf langsung magepokan karo awaké dhéwé lan ora bisa diwakilaké, kaya ta salat limang wektu, lan salat jum'at (Fardhu 'Ain kanggo priya).
- Fardhu Kifayah: iku kawajiban kang diwajibaké tumrap mukallaf ora langsung magepokan karo awaké dhéwé. Kawajiban iku dadi sunat sawisé ana sawatara wong kang ngayahi. Nanging yèn ora ana wong kang ngayahi kita wajib nglakoni lan dadi dosa yèn ora dlakoni, kaya salat jenazah.
- Nafilah (salat sunat),Salat Nafilah iku salat-salat kang kaprayogakaké utawa disunnahaké nanging ora wajib. Salat nafilah kapérang manèh dadi loro, yaiku
- Nafil Muakkad iku salat sunat kang kaprayogakaké kanthi panekanan kang kuwat (nyedhaki wajib), kaya ta salat Idul Fitri lan Idul Adha, salat sunat witir lan salat sunat thawaf.
- Nafil Ghairu Muakkad iku salat sunat kang kaprayogakaké tanpa panekanan kang kuwat, kaya ta salat sunat Rawatib lan salat sunat kang sifaté insidentil (gumantung wektu lan kaanan, kaya salat kusuf/khusuf mung dilakoni nalika ana grahana).
Remove ads
Rukun Salat
Sewelas Rukun Salat:
- Niat
- Takbiratul ihram
- Ngadeg kanggo kang bisa
- Maca surat Al Fatihah
- Ruku' kanthi thu'maninah
- I'tidal kanthi thu'maninah
- Sujud ping pindho kanthi thu'maninah
- Lungguh antara rong sujud kanthi thu'maninah
- Lungguh kanthi thu'maninah sarta maca tasyahud pungkasan lan shalawat nabi
- Maca salam
- Tertib (nglakoni rukun kanthi urut)
Salat Berjama'ah
Salat tartamtu kaprayogakaké dilakonikanthi bebarengan (jama'ah). Sajeroning salat jama'ah kang dianggep paling kompeten ditunjuk minangka Imam Salat, lan liyané dadi Makmum.
- Salat kang bisa dilakoni kanthi jama'ah antarané:
- Salat Fardhu
- Salat Trawèh
- Salat kang kudu dilakoni kanthi jama'ah antarané:
- Salat Jum'at
- Salat Id
- Salat Istisqa'
Salat sajeroning kaanan tartamtu
Sajeroning kaanan tartamtu kawajiban nglakoni salat diwènèhi kalonggaran tartamtu. Contoné nalika lara lan wektu ing lelungan (safar).
Sajeroning kaanan lara nganti ora bisa ngadeg bisa nglakoni salat kanthi lungguh utawa turon, yèn ora bisa nglakoni obahan tartamtu cukup nganggo isyarat.
Déné yèn lagi lelungan, diidinaké nggabung (jama’) utawa ngringkes (qashar) shalaté. Njama' salat tegesé nggabungaké loro salat dadi siji yaiku dzuhur karo Salat ashar utawa maghrib karo Salat isya. Qasar salat tegesé ngringkes salat kang mauné 4 rakangat (dzuhur,ashar,isya) dadi rong rakangat.
Remove ads
Salat sajeroning Kuran
Ing ngisor iki ayat-ayat kang mbahas bab salat sajeroning Kuran, kitab suci agama Islam.
- Biwarakna marang para abdiningsun kang wis padha duwéni iman: Supaya ngadegaké salat, nafkahaké sapérangan rejeki kang tak wènehaké kanthi sesidheman utawa terang-terangan sadurungé tumekane dina (kiyamat) kang ing dina iku ora ana dol-tinuku lan kekancan (QS.Ibrahim:31)14:31
- Satenemene salat iku nyegah saka lelaku ala lan mungkar. Lan satenane éling marang Allah (salat) iku luwih gedhé (kautamané saka ibadah-ibadah liyané) Lan Allah pirsa apa kang mbok lakoni (al-‘Ankabut: 45) 29:45
- Mulané teka sawisé dhèwèké kabèh, wong-wong kang nggenteni (kang èlèk) kang nyia-nyiakaké salat lan nuruti hawa nafsu, mula bésuk bakal padha kesasar (Maryam: 59)19:59
- Satenané manungsa ciniptakaké kanthi wewatakan dhemen nggresula tur nyengit. Yèn dhèwèké éntuk kasusahan padha sesambat, lan yèn éntuk kabungahan dhèwèké nyengit, kajaba wong-wong kang nglakoni salat, kang tetep nglakoni shalaté (al-Ma’arij: 19-23)70:19
Remove ads
Deleng uga
- Kitab-kitab Syaikh al-Albani bab tata cara salat
Pranala njaba
- http://rosyidi.com Archived 2007-11-23 at the Wayback Machine. Download tatacara salat Fardhu lan Jenazah interaktif sajeroning format flash.
- PDF Ilustrasi Posisi Imam dan Makmum dalam Salat Berjamaah[pranala mati permanèn]
- Petunjuk tatacara salat interaktif dalam format flash
- Wektu-wektu salat ing Indonésia
![]() | Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads