Sadéwa

From Wikipedia, the free encyclopedia

Sadéwa
Remove ads

Sadéwa utawa Sahadéwa (Sangskreta Sahadeva) iku paraga wiracarita Mahabharata. Nalika cilik jenengé Tangsen. Dhèwèké salah sawijining Pandhawa. Tangsen iki jenengé wit-witan kang godhongé bisa digawé obat. Kaya déné sadulur kembaré, Nakula. Satriya kang manggon ing Sawojajar iki kondhang amarga lantip ing prekara usada. Wiwit isih bayi, Nakula lan Sadewa wis dadi bocah lola, tanpa rama lan ibu. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, déwané tabib kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula, Sadéwa tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta. Ing sawatara carita wayang, Sadéwa lantip ing sasmita. Upama Kresna ora ana, Sadéwa kang sulih golèk upaya. Nalika mboyong Dèwi Srengginiwati saka Gisiksamodra, Sadéwa kang bisa mbabar sayembara ngenani “sajatining lanang, sajatining wadon.” Jejodhoan iki nurunké putra Widapaksa utawa Sidapaksa.

Katerangan liyané Jeneng miturut basa, Jeneng miturut aksara ...

Ing lakon liyané, Sudamala, Sadéwa kang bisa ngruwat Bathari Uma bali manèh dadi ayu. Ing gagrag India, Sahadéva iku pinter pedhang. Ing Bharatayudha, Sahadéva kang bisa ngalahaké lan matèni Shakuni (ing Jawa dadi Sangkuni). Ing carita padhalangan, Sangkuni dipatèni Bima.

Ing lakon “Babad Alas Mretani” Sadéwa éntuk aji Purnamajadi saka Ditya Sapulebu. Aji iki bisa gawé wong sing nduwé éling apa waé kang wis kalakon lan ngerti apa kang kedadèn

Remove ads

Uga delengen

Pandhawa
Yudhistira
Bima
Arjuna
Nakula
Sadewa

Pranala njaba

Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads