Aqidah

From Wikipedia, the free encyclopedia

Aqidah
Remove ads

Ibn Qayyim al-Jawziyah, Muhammad ibn Abi Bakr Ibn Qayyim al-Jawziyah (1991). Tariq al-hijratayn wa-bab al-sa'adatayn. Dar al-Hadith (1991). kc. 30. </ref>[1][2][3] Cithakan:Aqidah Akidah (basa Arab: اَلْعَقِيْدَةُ; transliterasi: Aqidah) ing istilah Islam ingkang suraosipun iman. Sedaya sistem kapitadosan utawi keyakinan saged dipunanggep dados salah satunggaling akidah.

Sunyata Rikat
Delengen uga: Iman (konsèp)
Remove ads

Ètimologi

Ing basa Arab akidah asalipun saking tembung al-'aqdu (الْعَقْدُ) ingkang tegesipun ikatan, at-tautsiiqu (التَّوْثِيْقُ) ingkang tegesipun kapitadosan utawi keyakinan ingkang kiyat, al-ihkaamu (اْلإِحْكَامُ) ingkang tegesipun ngukuhaken (netepaken), dln ar-rabthu biquw-wah (الرَّبْطُ بِقُوَّةٍ) ingkang tegesipun ngiket kanthi kiyat.

Manawi miturut istilah (terminologi): 'akidah inggih punika iman ingkang teguh lan pesthi, ingkang boten wonten keraguan sakedhik kémawon kanggé tiyang ingkang nyakini.[4]

Dados, Akidah Islamiyyah inggih punika kaimanan ingkang teguh lan asipat pesthi dhumateng Allah kaliyan sadaya pelaksanaan kuwajiban, kanthi tauhid[5] lan tangat dhumateng-Panjenenganipun, gadhah iman dhumateng Malaékat-malaékat-Dalem, Rasul-rasul-Dalem, Kitab-kitab-Dalem, Dinten Pungkasan, takdir saé lan ala lan ngimani sadaya punapa-punapa ingkang sampun shahih babagan prinsip-prinsip Agami (Ushuluddin), prastawa-prastawa ingkang gaib, gadhah iman dhumateng punapa ingkang dados ijma' (konsènsus) saking Salafush Shalih, sarta sadaya pawarta-pawarta qath'i (pesthi), manawi kanthi èlmiah utawi kanthi amaliyah ingkang sampun dipuntetepaken miturut Kuran lan As-Sunat ingkang shahih sarta ijma' Salaf as-Shalih.[6]

Remove ads

Pamérangan akidah tauhid

Manawi prakawis qadha' lan qadar dados ajang paslisihan ing kalangan umat Islam, nanging Allah sampun mbikak manah para hambaNipun ingkang gadhah iman, inggih punika para Salaf Shalih ingkang sapunika sami nglampahi margi leres ing pamahaman lan pendhapat. Miturut umat punika qadha' lan qadar inggih punika kalebet rububiyah Allah dhumateng maklukipun. Mila prastawa punika kalebet ing salebetipun salah satunggalipun ing antawisipun tigang macem tauhid miturut pamérangan ulama:

  • Tauhid Al-Uluhiyyah,
    ngesakan Allah ing ngibadah, inggih punika ngibadah namung dhumateng Allah lan namung amargi Panjenenganipun.
  • Tauhid Ar-Rububiyyah,
    ngesakan Allah ing tumindak-Dalem, inggih punika ngimani lan nyakini manawi namung Allah ingkang nyipta, nguwaosi lan ngatur alam semesta punika.
  • Tauhid Al-Asma' was-Sifat,
    ngesakan Allah ing asma lan sipat-Dalem, suraosipun ngimani manawi boten wonten makluk ingkang sarupi kaliyan Allah, ing dat, asma utawi sipat.

Iman dhumateng qadar inggih punika kalebet tauhid ar-rububiyah. Manawi makaten Imam Ahmad ngendika: "Qadar inggih punika kakuwaosan Allah". Amargi, boten syak malih, qadar (takdir) kalebet qudrat lan kakuwaosan Dalem ingkang nyeluruh. Sasanèsipun punika, qadar inggih punika wadi Allah ingkang-kasimpen, boten wonten satunggal tiyang kémawon ingkang saged mangertosi sanèsipun Panjenengan, kaserat ing Lauh Mahfuzh lan boten wonten satunggal tiyang kémawon ingkang saged ningali. Kita boten mangertosi takdir saé utawi ala ingkang sampun dipuntemtuaken kanggé kita utawi kanggé makluk sanèsipun, sanèsipun saksampuné kadadosan utawi dhedhasar nash ingkang leres.[7]

Remove ads

Cathetan suku

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads