Chelsea F.C.

klompok bal-balan saka Inggris From Wikipedia, the free encyclopedia

Chelsea F.C.
Remove ads

Chelsea F.C. (Chelsea Football Club), uga kaloka minangka The Blues utawa sadurungé The Pensioners, yaiku salah sawijining klub bal-balan utawa sepakbola Inggris kang main ing Liga Utama Inggris lan duwé markas ing kutha London. Klub iki didhegaké déning H.A. Mears ana ing taun 1905, lan nduwé lapangan dhéwé kang bisa nampung 41.631 penonton, dumunung ing Fulham, London Kulon.

Sunyata Rikat Jeneng dawa, Paraban ...
Thumb
Stamford Bridge Kandhang Chelsea F.C.

Chelsea wis malang mégung ing sajarah sepakbola Inggris, lan ngalami sukses rong kalamangsa, yaiku taun 1960-an lan awal 1970-an, sabanjuré ing akir 1990-an nganti wektu iki. Chelsea wis njuarai gelar Liga Utama Inggris kaping lima (1954-55, 2004-05, 2005-06, 2009-10, lan 2014-15), Piala FA kaping pitu (1970, 1997, 2000, 2007, 2009, 2010, lan 2012), Piala Liga kaping lima (1965, 1998, 2005, 2007, lan 2015), lan Piala Winners kaping pindho yaiku ing taun 1971 lan 1998.

Manajeré sing sepisanan yaiku John Roberson (1905-1906). Chelsea dadi juara Liga Utama Inggris (Premiership) ana ing taun 1955 nalika mangsa kalungguhan Ted Drake minangka manajer.

Chelsea dadi juara Liga Utama Inggris manèh sawisé 50 taun, yaiku ing taun 2005, nalika mangsa kalungguhan manajer Jose Mourinho (2004-saiki), kang olèh panjurung penuh saka sing nduwé klub, milyader lenga patra keturunan Ruslan, Roman Abramovich.

Ana ing taun (2005) uga, Chelsea njuarai Piala Carling sawisé ngalahaké Liverpool. Taun 2006, Chelsea bisa njuarai Liga Utama Inggris manèh. Taun 2007, Chelsea kasil dadi juara Piala Carling sawisé ngalahaké Arsenal 2-1 lan juara Piala FA sawisé ngalahaké Manchester United 1-0 liwat babak perpanjangan wektu.

Chelsea nduwé sawatara juru main Inggris kang dianggep paling apik wektu sakiwa-tengené taun 2004-2012, antarané John Terry (kapten) lan Frank Lampard.

Chelsea dadi juwara Liga Champions UEFA taun 2012 sawisé ngalahaké Bayern Munchen ing final tanggal 20 Mèi 2012 kanthi skor 4-3 (adu penalti)[2].

Remove ads

Pemain-pemain kondhang

1900-an: William 'Fatty' Foulke, George 'Gatling Gun' Hilsdon, Robert McRoberts, John Tait Robertson, Ben Warren

1910-an: Jack Harrow, Nils Middelboe, Robert Whittingham

1920-an: Ben Howard Baker, Jack Cock, Tommy Law, Tommy Meehan, GR Mills, Jack Townrow, Bob Turnbull, Andrew Wilson

1930-an: Hughie Gallacher, Sam Weaver, Vic Woodley, George Mills

1940-an: John Harris, Tommy Lawton, Willi Steffen

1950-an: Ken Armstrong,Roy Bentley, Jimmy Greaves

1960-an: Frank Blunstone, Peter Bonetti, Eddie McCreadie, Ken Shellito, Bobby Tambling, Terry Venables

1970-an: Charlie Cooke, Ron Harris, John Hollins, Alan Hudson, Ian Hutchinson, Peter Osgood, Ray Wilkins

1980-an: Paul Canoville, Kerry Dixon, Pat Nevin, Nigel Spackman, David Speedie, Clive Walker

1990-an: Steve Clarke, Roberto Di Matteo, Ruud Gullit, Glenn Hoddle, Mark Hughes, Frank Leboeuf, Graeme Le Saux, Dan Petrescu, Gianluca Vialli, George Weah, Dennis Wise, Ed de Goey, Dimitri Kharine, Tore André Flo, Gianfranco Zola

2000-an: Marcel Desailly, Eiður Smári Guðjonsen, Jimmy Floyd Hasselbaink, John Terry, Frank Lampard, Carlo Cudicini, Damien Duff, Arjen Robben, Didier Drogba, Petr Čech, Paulo Ferreira

Remove ads

Pemain

Tim utama

Nganti 26 September 2019.[3]

Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain miturut peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwih saka siji kewarganegaraan.

Katerangan liyané No., Pos. ...
Remove ads

Pratélan pemain 2010/2011

Katerangan liyané Nomor, Nagara ...

Pranala njaba

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads